tugas jawa pidato
Post on 01-Jul-2015
1.368 Views
Preview:
TRANSCRIPT
Bapak Kepala SMA N 1 Wonosari ingkang dhahat kinurmatan,lan
Bapak/Ibu guru SMA N 1 Wonosari ingkang tansah kawula hurmati,
Saha kanca-kanca kula ingkang satuhu kula tresnani,
Assalamualaikum wr.wb.
Tepangaken asmi kulo Elsana Bekti Nugroho, murid kelas XI A3 SMA N 1 Wonosari.
Wonten ing akhir tahun pembelajaran puniko, mugi keparenga kulo badhe paring pidato
perkawis “Gesang kang Ijo”. Namung sakderengipun sumangga kita tansah ngunjukaken raos
syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan saha
kawilujengan dumateng kita sedaya saengga kita saget makempal wonten ing kaludangan
puniko, saperlu nderek nyengkuyung mangayubagya lumampahipun patembaya sesorah basa
Jawi ing enjang puniko. Mboten kesupen, shalawat saha salam mangga kita tansah unjukaken
dumateng Nabiyullah Muhammad SAW, ingkang sampun nderekaken kita saking jaman
Jahiliyah tumuju jaman ingkang kebak rahmat saking Gusti Allah.
Poro rawuh ingkang munulyo, kathah sanget perkawis ing negari puniko kalebet
perkawis ingkang nembe sumarak wonten ing Bumi Pertiwi menika. Saking perkawis ingkang
alit kanyata kamiskinan lan kasus kriminal, dumugi perkawis ingkang ageng kados korupsi, krisis
multidimensi kaliyan polusi ingkang dados panyebab wontenipun “Pemanasan Global”. Nah,
saking kasus ingkang sampun saget kita raosaken bahayanipun menika, kulo wonten ing mriki
anggadahi usulan dumateng kula panjenengan sami, bilih linuwih becik supadhos kito tresna
kalian “ijo-ijoan”. Ingkang dipunarani “Ijo” puniko mboten namung salah siwijining werno,
ananging wonten hubunganipun kalian seger, nyaman, lan lingkungan ingkang sehat. Wonten
teng pundhi-pundhi tukul wit-witan, woh-wohan, lan suket, tebih sangking polusi. Wit ageng-
ageng kinoto rapi wonten tengen lan kiwanipun trotoar dalan. Mboten wonten macet lan
sampah pating semerawut wonten dalan. Saklajengipun daerah kang kathah wit-witanipun,
saget kulo jamin, tiyang wonten ing mriko nggadahi gesang kang sae lan tebih saking penyakit.
Kagem kulo, lingkungan ijo nggadahi pangartosan menawi kulo saget dholanan lan
gegojekan kalian konco-konco, memanas wonten ngandapipun srengenge tanpo kuawatir kulit
dados ireng. Mboten cekap semanten, tasih kathah paedahipun menawi kita saget
ngulinakaken supadhos gesang kang sehat lan saget njagi lan ngrumat alam kang asri saking
Gusti Pangeran.
Para sadherek ingkang kawulo hurmati, sakniki pamarentah ugi sampun giat-giatipun
gancaraken semboyan “Mencegah Lebih Baik daripada Mengobati”. Semboyan meniko
nggadahi pangertosan bilih penyakit menika teka amargi kito ingkang mboten saget miyara
gesang kito. Nah, sakderengipun menika kadadean kita kedah “Mencegah” miturut semboyan
menika. Lajeng kepripun? Ingkang langkung utami, lingkungan inggih menika factor ingkang
awrat. Saengga ngresiki lan ndamel endah lingkungan kito, lajeng nandur wit-witan alit wonten
ing sakkiwa-tengenipun omah saget njagi daur oksigen ingkang dados supply utami metabolism
wonten ing gesang kita panjenengan sami.
Kulo percados, bilih kito nggadahi coro ingkang benten-benten,ananging tujuanipun
sami. Contonipun, kulo tanggungjawab marang lingkungan sekitar kulo, poro rawuh
tanggungjawab marang lingkungane piyambak-piyambak. Masyarakat lan pemerintah
tanggungjawab wonten ing lingkunganipun, mongko kota menika bakal dados kota ingkang ijo
lan sehat.
Puniko wau urun rembug kulo, cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, mugi-
mugi sedaya menapa ingkang sampun kawula aturaken wau saget dados dipunlampahi kanthi
sae. Mbokblih menawi wonten kuciwaning boja karami, anggenipun kulo nampi menggah ing
ing rawuh panjengan sedoyo, mugi tansah paring sih samudra pangaksami. Semonten ugi kula,
minangka tetalinging basa mbok bilih wonten galap-gangsuling atur saha kiranging subasita.
Kupat bumbune santen, menawi lepat nyuwun pangapunten
Akhirul kalam...
Wassalamualaikum wr. Wb.
top related