welinge simbahku
Post on 01-Jul-2015
420 Views
Preview:
TRANSCRIPT
SIMBAHKU LUCU
MBAHHERFUL
WELINGE SIMBAHMU
Leeee … aja biasa golek rupa ayuApa maneh sing kemayu
Wis lenjeh ………….Gaweyane mung mlaku-mlaku
Marahi entek donyamu
Sing didelok dudu atimuNanging tumpakanmuYa nek tumpakanmu Honda Jazz biruLa yen mung motor bodol cet-cetan unguApa ra melas polahmuuuu … ?
Cah wedok saiki pancen ayu-
ayuNanging ya gampang mlayu
Gaweyane mung mangan turu
Nyang ngendi-endi nggawane tisukuwatir pipine kena debuOra gelem yen mbok pakani tahuSida mengko pingsan seminggusing tuwa ngamuk nggawakke palu
Tenan leeee …..Aja nganti kowe ketipuDikandani aja mung ngguya-ngguyuMarahi mumet sirahku ………..
Apa kowe arep pamer untuKuwi untu apa pakuMosok seminggu entek sikat telu
Timbang golek bocah ayuMending kowe tuku sapi woluOpenana ben lemu-lemuPas Qurban didol wis payuMarahi akeh duwitmu
Kena kanggo sanguNggenepi rukun IslammuSing ayu-ayu kanggo simbahmu……………………………………
Nggiiiiiiiiiiiiiiiiiih mbaaaaaaaaah
top related