analisis sandiwara basa jawa sri ngilang

1
ANALISIS SANDIWARA BASA JAWA SRI NGILANG Dening YOHANES HENDY WIJAYA 1. Isining sandiwara Landhung, Suprapto, Nur, lan Narsih pikantuk pawartos bilih Sri, rencangipun ingkang dipunrawat ing rumah sakit amargi kenging musibah kecelakaan nilaraken rumah sakit tanpa pamit. Landhung, Suprapto, Nur, lan Narsih lajeng tindak dhumateng dalemipun Pak Sardi, ingkang dipunagem Sri ugi ibunipun, Bu Praba, nyipeng. Ing sangajengipun Pak Sardi kaliyan Bu Praba, Nur lajeng cariyos bilih Sri medal saking rumah sakit kaliyan Dokter Gunawan tanpa pamit. Pak Sardi kejot, awit Dokter Gunawan punika putranipun. Pasuryanipun Bu Praba sanalika katingal duhkita. Ing satengahipun swasana ingkang ruwet, wonten Pak Polisi ingkang mertamu ing dalemipun Pak Sardi. Pak Polisi punika nembe madosi Suparto ingkang nembe mertamu ing dalempun Pak Sardi. Awit saking akal licikipun Landhung, Suparto saged mlajar mingset saking Pak Polisi. Landhung, Nur, Narsih, Pak Sardi, lan Bu Praba nembe mangertos menawi Suparto kesandhung kasus NARKOBA. 2. Tataran Basa Jawi ingkang dipunagem : a. Basa ngoko lugu. Pak Sardi : “Kowe kok wani ngomong ngono karo aku? Kowe ngerti aku iki sapa? Kowe tak tampa nginep neng omahku malah nranyah!” b. Basa karma. Nur : “Mekaten, Bu, kala wau kula pikantuk telepun saking Sri, criyosipun sampun medal saking rumah sakit boten pamit rumiyin. Malah mlajeng dhateng Magelang kalih Pak Dokter Gunawan…” 3. Analisis trap – trapan ingkang dipunagem : a. Tataran basa ingkang dipunagem dening tiyang enem dhumateng tiyang sepuh sampun trep, ngagem basa karma. b. Tataran basa ingkang dipunagem dening tamu ( Bu Praba) nalika ngendika kaliyan Pak Sardi kirang trep, amargi ngagem basa ngoko. (SMA STELLLA DUCE BANTUL, 13 Januari 2016)

Upload: yohaneshendyw

Post on 16-Apr-2017

77 views

Category:

Education


11 download

TRANSCRIPT

Page 1: Analisis sandiwara basa jawa sri ngilang

ANALISIS SANDIWARA BASA JAWA SRI NGILANGDening

YOHANES HENDY WIJAYA1. Isining sandiwara

Landhung, Suprapto, Nur, lan Narsih pikantuk pawartos bilih Sri, rencangipun ingkang dipunrawat ing rumah sakit amargi kenging musibah kecelakaan nilaraken rumah sakit tanpa pamit. Landhung, Suprapto, Nur, lan Narsih lajeng tindak dhumateng dalemipun Pak Sardi, ingkang dipunagem Sri ugi ibunipun, Bu Praba, nyipeng. Ing sangajengipun Pak Sardi kaliyan Bu Praba, Nur lajeng cariyos bilih Sri medal saking rumah sakit kaliyan Dokter Gunawan tanpa pamit. Pak Sardi kejot, awit Dokter Gunawan punika putranipun. Pasuryanipun Bu Praba sanalika katingal duhkita. Ing satengahipun swasana ingkang ruwet, wonten Pak Polisi ingkang mertamu ing dalemipun Pak Sardi. Pak Polisi punika nembe madosi Suparto ingkang nembe mertamu ing dalempun Pak Sardi. Awit saking akal licikipun Landhung, Suparto saged mlajar mingset saking Pak Polisi. Landhung, Nur, Narsih, Pak Sardi, lan Bu Praba nembe mangertos menawi Suparto kesandhung kasus NARKOBA.

2. Tataran Basa Jawi ingkang dipunagem :a. Basa ngoko lugu.

Pak Sardi : “Kowe kok wani ngomong ngono karo aku? Kowe ngerti aku iki sapa? Kowe tak tampa nginep neng omahku malah nranyah!”

b. Basa karma.Nur : “Mekaten, Bu, kala wau kula pikantuk telepun saking Sri, criyosipun sampun medal saking rumah sakit boten pamit rumiyin. Malah mlajeng dhateng Magelang kalih Pak Dokter Gunawan…”

3. Analisis trap – trapan ingkang dipunagem :a. Tataran basa ingkang dipunagem dening tiyang enem dhumateng tiyang

sepuh sampun trep, ngagem basa karma.b. Tataran basa ingkang dipunagem dening tamu ( Bu Praba) nalika

ngendika kaliyan Pak Sardi kirang trep, amargi ngagem basa ngoko.

(SMA STELLLA DUCE BANTUL, 13 Januari 2016)