artikel_basa_jawa

3
Pendidikan Kita sing Nrenyuhake Yen ditilik, negara kita iki wis luwih saka 64 tahun mardika. Negara-negara liya sing kamardikane luwih keri, malah akeh sing bidhang pendidikane luwih maju tinimbang negara kita sing kaya-kayane mandheg nge ngg on, maju or a mundu r ya ora. Rak yat gol ong an manenga h mengis or rekas a nye kola hake anak -ana ke jal ara n ragad kang go sekola h sai ki saya ake h mas iya wis ana progra m sekolah gratis saka pamarentah. Pancen, nganakake pendidikan liwat sistem sekolahan ora murah. Jer basuki mawa beya. Nanging apa jagad pendidikan wis sapantese didadekake objek komoditas kanggo golek bathi? Ora sethithik cacahe ahli pendidikan sing kandha menawa fakta pendidikan liwat sekolahan didadekake barang dagangan sing saiki wis saya ngrembaka ing negara kita iki. Mula, ora nggumun yen ngepasi Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei kepungkur dipengeti kanthi anane gugatan sing maneka warna. Panc en ora kabeh lembaga pendidi kan kaha nane kaya meng kono, nanging nya tane sekola han- sekolahan sing luwih ngunggulake sisi komersiale malah saya akeh cacahe. Sekolahan-sekolahan sing mengkono kuwi tembe mburine banjur luwih ngabotake masalah nyang- nyangan rega, memper kaya wong dagang ngono kae. Pas pendhaftaran murid anyar, nyang-nyangan rega dadi kesibukan utama antara pihak sekolahan karo wong tuwane calon murid anyar. Yen wis kasil mlebu sekolah, isih ditambah nyang-nyangan rega buku, seragam, iuran sekolah saben sasine, lan ubar ampe sal iyane. Duru ng maneh yen dij aluki sumbang an semesteran uta wa akhi r taun ale sane kanggo ngijoli ragad ujian. Nyang-nyangan rega mau kaya-kaya ora ana mandhege nganti bocah-bocah kuwi padha lulus kabeh. Sasuwene iku sekolahan kaya-kayane ora nate sepi saka urusan dhuwit. Suwi- suwi urusan dhuwit iki bisa nggeser urusan pokok sing luwih wigati, apa maneh yen dudu proses  belajar-mengajar. Kabeh mau satemene mujudake fenomena sing dumadine luwih amarga didhesek dening pihak-  pihak tertamtu sing darbe modhal, sing adeg sekolahan, utawa sing duwe lembaga pendidikan mau. Tindhakan mau tujuwane luwih nyasar menyang segi bisnis katimbang pepinginan melu cawe-cawe, melu urun, utawa udhu ing babagan pendidikane para generasi mudha. Wis lumrah yen barang dagangan mono kudu apik lan menarik. Wondene kareben ketara luwih menarik, sekolahan-sekolahan sing tujuwane mung bisnis mau nawakake fasilitas-fasilitas sing kena diarani sarwa mewah. Awewaton fasilitas-fasilitas mau, wis mesthi bae wong tuwane calon murid any ar kudu wan i mbayar lara ng. Pr insi p pan get ung an ragad ope rasi ona l la n ml ebu ne dhuwit ditindakake kanthi titi lan ngati-ati. Mangka kabare, bayarane guru-gurune dhewe ya ora gedhe-gedhe temen. Banjur, menyang ngendi playune dhuwit-dhuwit kuwi mau? Panjenengan mesthine wis bisa mbedhek dhewe. Kahanane pendidikan ing Indonesia ing taun-taun iki wis ping bola-bali kapacak ing kalawarti- kalawarti lan koran-koran, ngabarake sekolahan-sekolahan sing padha ambruk, murid-murid sing sinau ing pla tar an merga kel ase wis ora ana payone, guru-g uru bantu sing ser ing “klal en” ora nampa  bayaran, bocah-bocah sing cucut raga amarga isin wong tuwane ora bisa ngragadi sekolahe, sarta saya akehe anak-anak jalanan sing kepeksa ora sekolah amarga ora entuk kalodhangan. Kosok baline, kabar- kabar ing me di a ma ss a ngenani korups i ing kala ngan anggota DP R, DPRD, la n ing  pamarentahan uga ora nate sepi. Pendidikan sing ngrembaka dadi barang dagangan, piye-piyea mung njalari bingunge wong sing kaci ngkr anga n. Pendidikan sing mengkono mau iba rat e mung kaya eta las ene toko mewah sing dagangane bisa dideleng saka njaba sasuwal ike kaca. Ya yen sing ndeleng wong sugih, mesthi banjur dituku. Dene yen sing ndeleng wong mlarat, mung bisa nonton lan ngarep-arep kanthi ngeleg idu. Apa tumon, pendidikan kok dipadhakake karo barang dagangan? (kajupuk saka Panjebar Semangat No. 21/2005; diedhit dening Nurahmat Agustianto)

Upload: yoni-ahmad

Post on 30-May-2018

218 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

Page 1: Artikel_Basa_Jawa

8/9/2019 Artikel_Basa_Jawa

http://slidepdf.com/reader/full/artikelbasajawa 1/2

Pendidikan Kita sing Nrenyuhake

Yen ditilik, negara kita iki wis luwih saka 64 tahun mardika. Negara-negara liya sing kamardikane

luwih keri, malah akeh sing bidhang pendidikane luwih maju tinimbang negara kita sing kaya-kayane

mandheg ngenggon, maju ora mundur ya ora. Rakyat golongan manengah mengisor rekasa

nyekolahake anak-anake jalaran ragad kanggo sekolah saiki saya akeh masiya wis ana program

sekolah gratis saka pamarentah.Pancen, nganakake pendidikan liwat sistem sekolahan ora murah. Jer basuki mawa beya. Nanging

apa jagad pendidikan wis sapantese didadekake objek komoditas kanggo golek bathi? Ora sethithik 

cacahe ahli pendidikan sing kandha menawa fakta pendidikan liwat sekolahan didadekake barang

dagangan sing saiki wis saya ngrembaka ing negara kita iki. Mula, ora nggumun yen ngepasi Hari

Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei kepungkur dipengeti kanthi anane gugatan sing maneka warna.

Pancen ora kabeh lembaga pendidikan kahanane kaya mengkono, nanging nyatane sekolahan-

sekolahan sing luwih ngunggulake sisi komersiale malah saya akeh cacahe.

Sekolahan-sekolahan sing mengkono kuwi tembe mburine banjur luwih ngabotake masalah nyang-

nyangan rega, memper kaya wong dagang ngono kae. Pas pendhaftaran murid anyar, nyang-nyangan

rega dadi kesibukan utama antara pihak sekolahan karo wong tuwane calon murid anyar. Yen wis kasil

mlebu sekolah, isih ditambah nyang-nyangan rega buku, seragam, iuran sekolah saben sasine, lanubarampe saliyane. Durung maneh yen dijaluki sumbangan semesteran utawa akhir taun alesane

kanggo ngijoli ragad ujian. Nyang-nyangan rega mau kaya-kaya ora ana mandhege nganti bocah-bocah

kuwi padha lulus kabeh. Sasuwene iku sekolahan kaya-kayane ora nate sepi saka urusan dhuwit. Suwi-

suwi urusan dhuwit iki bisa nggeser urusan pokok sing luwih wigati, apa maneh yen dudu proses

 belajar-mengajar.

Kabeh mau satemene mujudake fenomena sing dumadine luwih amarga didhesek dening pihak-

 pihak tertamtu sing darbe modhal, sing adeg sekolahan, utawa sing duwe lembaga pendidikan mau.

Tindhakan mau tujuwane luwih nyasar menyang segi bisnis katimbang pepinginan melu cawe-cawe,

melu urun, utawa udhu ing babagan pendidikane para generasi mudha.

Wis lumrah yen barang dagangan mono kudu apik lan menarik. Wondene kareben ketara luwih

menarik, sekolahan-sekolahan sing tujuwane mung bisnis mau nawakake fasilitas-fasilitas sing kenadiarani sarwa mewah. Awewaton fasilitas-fasilitas mau, wis mesthi bae wong tuwane calon murid

anyar kudu wani mbayar larang. Prinsip pangetungan ragad operasional lan mlebune dhuwit

ditindakake kanthi titi lan ngati-ati. Mangka kabare, bayarane guru-gurune dhewe ya ora gedhe-gedhe

temen. Banjur, menyang ngendi playune dhuwit-dhuwit kuwi mau? Panjenengan mesthine wis bisa

mbedhek dhewe.

Kahanane pendidikan ing Indonesia ing taun-taun iki wis ping bola-bali kapacak ing kalawarti-

kalawarti lan koran-koran, ngabarake sekolahan-sekolahan sing padha ambruk, murid-murid sing sinau

ing plataran merga kelase wis ora ana payone, guru-guru bantu sing sering “klalen” ora nampa

 bayaran, bocah-bocah sing cucut raga amarga isin wong tuwane ora bisa ngragadi sekolahe, sarta saya

akehe anak-anak jalanan sing kepeksa ora sekolah amarga ora entuk kalodhangan. Kosok baline,

kabar-kabar ing media massa ngenani korupsi ing kalangan anggota DPR, DPRD, lan ing pamarentahan uga ora nate sepi.

Pendidikan sing ngrembaka dadi barang dagangan, piye-piyea mung njalari bingunge wong sing

kacingkrangan. Pendidikan sing mengkono mau ibarate mung kaya etalasene toko mewah sing

dagangane bisa dideleng saka njaba sasuwalike kaca. Ya yen sing ndeleng wong sugih, mesthi banjur 

dituku. Dene yen sing ndeleng wong mlarat, mung bisa nonton lan ngarep-arep kanthi ngeleg idu.

Apa tumon, pendidikan kok dipadhakake karo barang dagangan?

(kajupuk saka Panjebar Semangat No. 21/2005; diedhit dening Nurahmat Agustianto)

Page 2: Artikel_Basa_Jawa

8/9/2019 Artikel_Basa_Jawa

http://slidepdf.com/reader/full/artikelbasajawa 2/2

Asal-Usule Kalender

Asal-usul kalender manut panaliten jaman biyen kuwi saka cathetane wong utang, ngetung anakan

saka awal sasi. Dene tembung kalender kuwi asale saka basa Latin, calendarium, sing ngemu teges

cathetan utang. Ana uga sing nyebut tanggalan. Sing nyebut tanggalan iki mujudake kalender padinan

sing saben dina disuwek banjur ditanggalake, dene kalender kuwi sasen umure. Kanggo ngirit ragad

utawa kertas, kalender ana sing salembar isi rong sasi, telu, papat, nganti rolas sasi.Petungan kalender gegayutan karo ilmu astronomi sing nemtokake kalender kanthi lakuning

srengenge lan rembulan. Kalender akeh sing awujud sasen. Biyen malah ana kalender setaun digawe

salembar, malah dipepaki karo pranatamangsa barang, kasebut almanak.

Kalender sing dipigunakake nganti saiki mono asil petungane Paus Gregorius XIII taun 1582.

Kalender iki mujudake kalender reformasi amarga sadurunge ana sing nulis yen setaun kuwi ana 2.442

dina. Kanthi petungan sing njlimet lan adhedhasar lakune srengenge uga kalender gaweane Julius

Caesar, Paus Gregorius XIII nemtokake yen setaun kuwi mung ana 365 dina, kajaba ing taun kabisat

sing dinane ana 366. Kalender Paus Gregorius mau digawe sakawit tanggal 4 Oktober 1582, banjur 

wiwit dipasarake tanggal 15 Oktober 1582. Mula iku, kalender iki uga kasebut kalender Gregorian

kanggo ngurmati jasane Paus Gregorius XIII.

Kaisare bangsa Romawi, Julius Caesar, sadurunge Masehi uga nggawe kalender sing setaun cacaheana 365 dina. Saliyane kuwi, bangsa Arab uga nduwe kalender dhewe, semono uga karo bangsa Cina.

Sultan Agung uga nyipta tanggalan Jawa.

Sapa wong sing ora nyemak kalender kaya-kayane kurang pas amarga yen nyemak kalender bakal

maneka warna surasane. Endi sing wis cepak bayarane, endi sing preiane wis cedhak, nanging ya ana

sing banjur mrengut amarga semayane kok wis ndang tekan.

Kalender uga mujudake misi kabudayan bangsa, dadi rerenggan sing ajine cukup unggul. Apa

maneh seni cetak lan disain grafis saiki wis saya modern saengga bisa ngasilake jenis kalender sing

apik.

(kajupuk saka Panjebar Semangat No. 18/2005; diedhit dening Nurahmat Agustianto)