dewi nyanggalangit

8
Ing kerajaan Sundulangit sing ono ning Jawa Timur kang dipimpin Raja Buta iku terkenal sak jagat rayat. Raja Buta nduwe anak loro, anak e sing keloro ilang ket cilik. Anak e sing kesiji kuwi dadi idola para wanito amergo karismane sing mbarakne para wanita kesengsem, jenenge Dewa Nyanggalangit. Amergo umure sing wis cukup kanggo rabi bapak ibune Dewa Nyanggalangit ngongkon dhewek e ndang rabi. Nanging Dewa Nyanggalangit durung pengen rabi, amergo sikap e iki wong tuwane Dewa Nyanggalangit ngelu. Sing asli wong tuwane Dewa Nyanggalangit pengen nduwe putu saka bojone Dewa Nyanggalangit. Raja Buta : anakku sampek kapan kowe iki bisa nrimo pinangan soko putri putri kae? Dewa Nyanggalangit : bapak,aku iku yo durung pengen rabi lan kabeh wong wedhok sing minang aku iku urung ono sing marakne aku kesengsem. Ratu Buta : Oalah le, awakmu iki lho arep golek bojo sing koyo piye? Dewa Nyanggalangit : aku yo gak eroh e bu, nanging aku nyuwun pangestu bapak ibu Ratu Buta : Sek sek... kowe njaluk pangestu bapak ibu, lha awakmu iku lho arep menyang endi kok njaluk pangestu barang? Dewa Nyanggalangit : Ngene lho bu, aku kepingin semedi ning gunung bothok Raja Buta : arep napo awakmu iku semedi barang? Dewa Nyanggalangit : yo ben to pak, bek e lek aku semedi trus aku entuk ilham lek aku kudu nikah, lak yo sampeyan bakal seneng to. Ratu Buta : yo wis gak popo awakmu semedi tapi ojo kebacut turu lo yo. Sawise iku Dewa Nyanggalangit budal menyang gua sing ono ning gunung bothok kanggo semedi. Tapi ono perjalanan dheweke pethuk karo wong-wong sing lagi ngumpul. Dewa Nyanggalangit marani gerumbulan wong –wong iku. Tibakno ndek kono ono pertunjukkan musik dangdut. Tapi Dewa Nyanggalangit ora eruh iku musik opo, dek e tekon marang wong ning sandinge trus diomongi lek iku musik dangdut. Dhewek e seneng ndelok pertunjukkan kuwi sampek lali karo tujuanne dek e. Barang eroh pertunjukkan kuwi Dewa Nyanggalangit balik nang kerajaan, dek e ora sido semedi. Raja Buta : lo jaremu arep semedi? Dewi Nyanggalangit : ora sido aku wis entuk ilham pak aku saikik kudu napo, Ratu Buta : la jaremu awakmu semedi ben entuk ilham tapi awakmu ora semedi kok iso entuk ilham tekan ndi ye ilham e? Dewi Nyanggalangit : wis to menengo pak sampeyan ora usa tekon ae, Raja Buta : la trus awakmu arep napo?

Upload: nizar-fiska-bayu-agustian

Post on 12-Jan-2016

50 views

Category:

Documents


0 download

DESCRIPTION

Dewi Nyanggalangit

TRANSCRIPT

Page 1: Dewi Nyanggalangit

Ing kerajaan Sundulangit sing ono ning Jawa Timur kang dipimpin Raja Buta iku terkenal sak jagat rayat. Raja Buta nduwe anak loro, anak e sing keloro ilang ket cilik. Anak e sing kesiji kuwi dadi idola para wanito amergo karismane sing mbarakne para wanita kesengsem, jenenge Dewa Nyanggalangit.

Amergo umure sing wis cukup kanggo rabi bapak ibune Dewa Nyanggalangit ngongkon dhewek e ndang rabi. Nanging Dewa Nyanggalangit durung pengen rabi, amergo sikap e iki wong tuwane Dewa Nyanggalangit ngelu. Sing asli wong tuwane Dewa Nyanggalangit pengen nduwe putu saka bojone Dewa Nyanggalangit.

Raja Buta : anakku sampek kapan kowe iki bisa nrimo pinangan soko putri putri kae?

Dewa Nyanggalangit : bapak,aku iku yo durung pengen rabi lan kabeh wong wedhok sing minang aku iku urung ono sing marakne aku kesengsem.

Ratu Buta : Oalah le, awakmu iki lho arep golek bojo sing koyo piye?

Dewa Nyanggalangit : aku yo gak eroh e bu, nanging aku nyuwun pangestu bapak ibu

Ratu Buta : Sek sek... kowe njaluk pangestu bapak ibu, lha awakmu iku lho arep menyang endi kok njaluk pangestu barang?

Dewa Nyanggalangit : Ngene lho bu, aku kepingin semedi ning gunung bothok

Raja Buta : arep napo awakmu iku semedi barang?

Dewa Nyanggalangit : yo ben to pak, bek e lek aku semedi trus aku entuk ilham lek aku kudu nikah, lak yo sampeyan bakal seneng to.

Ratu Buta : yo wis gak popo awakmu semedi tapi ojo kebacut turu lo yo.

Sawise iku Dewa Nyanggalangit budal menyang gua sing ono ning gunung bothok kanggo semedi. Tapi ono perjalanan dheweke pethuk karo wong-wong sing lagi ngumpul. Dewa Nyanggalangit marani gerumbulan wong –wong iku. Tibakno ndek kono ono pertunjukkan musik dangdut. Tapi Dewa Nyanggalangit ora eruh iku musik opo, dek e tekon marang wong ning sandinge trus diomongi lek iku musik dangdut. Dhewek e seneng ndelok pertunjukkan kuwi sampek lali karo tujuanne dek e. Barang eroh pertunjukkan kuwi Dewa Nyanggalangit balik nang kerajaan, dek e ora sido semedi.

Raja Buta : lo jaremu arep semedi?

Dewi Nyanggalangit : ora sido aku wis entuk ilham pak aku saikik kudu napo,

Ratu Buta : la jaremu awakmu semedi ben entuk ilham tapi awakmu ora semedi kok iso entuk ilham tekan ndi ye ilham e?

Dewi Nyanggalangit : wis to menengo pak sampeyan ora usa tekon ae,

Raja Buta : la trus awakmu arep napo?

Dewi Nyanggalangit : aku pengen nikah, tapi bojoku iku kudu iso nyanyi dangdut.

Raja Buta : le sak suwene bapak urip ning kene, bapak ora tau roh opo kuwi dangdut.

Dewi Nyanggalangit : wis to pak sampeyan ora usah takon ae, saiki ndang umumno ning masyarakat lek aku iku penengen ngadakne sayembara sopo sing iso nyanyi dangdut bakal dadi bojo ku.

Ratu Buta : awakmu iki tenanan opo ora to kok aku gak percoyo ngene, ndek ingi ae di tari kon nikah moh tapi siki malah mekso bapak kon nang ngumumne nang masyarakat.

Dewi Nyanggalangit : pak aku wis ngomong ket mau lek aku kuwi wis entuk ilham lan ilham e iku aku pengen nikah karo wong sing iso nyanyi dangdut. Wis saiki bapak ndang nggae pengumuman.

Raja Buta : yo aku manut le, mugo-mugo iki sing tenan lan ora ngapusi bapak maneh. Bapak wis kesel karo sikapmu iku.

Raja Buta ngumumne lek ono sayembara kanggo sopo sing iso nyanyi dangdut bakal dadi bojone Dewi Nyanggalangit.

Page 2: Dewi Nyanggalangit

Balek kerjo Minem mlaku lewat ngarepe pasar, ora biasane dek e lewat kono. Tekan kadohan dek e ndelok wong-wong podo ngumpul, dek e pengen eroh napo wong-wong kuwi. Dek e marani, tibakno wong-wong kuwi podo ngomongne sayembara sing diadakne karo Raja Buta. Sawise dek e moco pengumuman kuwi dek e pengen melok kuwi tapi dek e mikir maneh emange dek e ae ora eroh opo kuwi dandut po maneh lek dikongkon nyanyi dangdut dek e malah ora iso. Ono perjalanan ngampek tekan omah dek e trus mikir opo kuwi dangdut.

Minem : opo yo kuwi dangdut aku kok gak tau roh musik opo kuwi, mosok koyok pop, opo koyok jazz, opo kayak rock, ah aku ora tau roh kuwi.

Itun : napo nem, kok ket mau nggremeng ae karo nglamun.

Minem : iku lo aku mau eroh pengumuman ning ndalan, Raja Buta ngenekne sayembara kanggo sopo ae sing iso nyanyi dangdut bakal didadekne bojone Dewi Nyanggalangit.

Itun : wah, apik wi aku pengen melok e bek e aku iso dadi bojone Dewa Nyanggalangit, putra sing ganteng banget.

Minem : eh la awakmu opo iso nyanyi dangdut?

Itun : yo iso to lawong aku iku lo wis les dangdut, biasane aku iku nanyi ning pasar, lan wong-wong iku seneng karo lagu dangdutku.

Minem : peh aku yo pengen, tapi aku ora iso nyanyi dangdut.

Itun : lah wis to enek aku santai ae, nko tak warahi tapi enek syarate!

Minem : opo syarat e?

Itun : awakdewe kudu bersaing sing apik ojo podo ngapusi.

Minem : yoyo aku gak bakal ngapusi awakmu, lawong awakmu iku lo koncoku lan awakmu iku wis marahi aku nyanyi dangdut.

Itun : janji lo yo.

Minem : yo, trus kapan aku mbok blajari?

Itun : sesuk sore moro o nang omahku, nko tak warahi nyanyi dangdut.

Minem : yo wis sesuk aku tak rono.

Itun : aku tak balek nko selak udan, sesuk sore jo lali lo yo

Minem : ora-ora aku iki jek enom mosok yo arep pikun.

Balik kerjo Minem langsung balek nang omah, ora biasane dek e langsung balek biasane lerenblanja ning pasar sik. Sawise tekan omah dek e langsung adus trus macak sing ayu, dek e budal menyang omahe Itun.

Itun : aku kudu mulai tekan ndi iki, tekan awal opo langsung nyanyi?

Minem : tekan awal lah aku kan ora eroh opo kuwi dangdut, ojo ngeyek to mentang” awakmu wis ngerti tentang dnagdut.

Itun : yoyo, dangdut iku aliran musik sing asli Indonesia lan lek nyanyi iku kudu ono cengkok e.

Minem : cengkok iku opo ye?

Itun : contoh suara...

Minem : contoh suara. Ngene

Itun : yah yo ngono kuwi..., saiki ayo blajar nyanyi rungokno aku sik

Minem : wah apik..

Itun : ndang terokno

Page 3: Dewi Nyanggalangit

Minem : contoh suara

Mbendino sakwise balek kerjo Minem mesti nang omahe Itun kanggo sinau nyanyi dangdut.

Sak ulan sawise, sesuk iku dino sayembara kanggo calon bojone Dewa Nyanggalangit. Ana kerajaan Sundulangit Dewa Nyanggalangit ngroso bingung amergo dek mbiyen napo kok ngomong menyang bapak e lek pengen nikah saiki, sebener e dewek e saiki jek pengen dolan bebas dewe tanpo ono sing nglarang. Tapi sesuk iku wis dino sayembara diadakno dek e ora wani ngomong nang bapak e lek dek pengen mbatalne sayembara kuwi. Sak dino kuwi dek cuma meneng ndek kamar karo poro pembantune.

Dewa Nyanggalangit : peh aku sak iki bingung, aku kudu piye?

Rusti : la napo to, sesuk kan dino sayembara, seharus e awakmu yo seneng bek e lek wong lanang sing mbok delok kae, sing nyanyi dangdut kae melok sesuk,

Dewa Nyanggalangit : yo sih, tapi aku ijek ragu napo aku mbiyen iso ngomong ngono padahal aku ora eruh sopo wong kuwi tapi aku kok ngroso kenal karo wong kuwi mangkakno aku pengen kenal mbek wong kuwi

Rusti : la yo awakmu yo kudu seneng seharus e sesuk awakmu iso kenalan mbek wong kuwi

Dewa Nyanggalangit : yo, tapi cara ku ben iso kenalan iku kleru, napo aku kudu ngomong nang bapak lek bojoku kudu iso nyanyi dangdut.

Rusti : mosok awakmu arep mbatalne sayembara kui?

Dewa Nyanggalangit : ora sih, aku yo jek pengen mbuktekne sopo wong kuwi kok aku ngroso lek aku kenal mbek wong kuwi.

Rusti : la yo wis to saiki ndang leren, sesuk sampeyan kudu ning lapangan sedino.

Dewa Nyanggalangit : yo

Sesuk isuk lapangan kerajaan Sundulangit wis dikebek i karo wong-wong sing melok sayembara. Dewa Nyanggalangit, Raja Buta,Ratu Buta karo Rusti (wong sing paling dipercoyo karo Dewa Nyanggalangit) lungguh ono teras kerajaan. Wong telu kuwi saiki dadi juri ning sayembara kanggo nentokne bojone Dewa Nyanggalangit. Kabeh wong sing ono ndek kono podo blajar nyanyi dewe”. Ing tengah keramean kuwi mau ono suara terompet sing banter banget, suara kuwi iku tanda lek sayembara dimulai lan Rusti ngowe i pengumuman syarat e dadi calon bojone Dewi Nyanggalangit yaiku kudu iso nyanyi lan iso nyenengne Dewa Nyanggalangit.

Raja Buta : aku pengen tekan sayembara iki, anak ku iso nemokne bojo sing cocok karo opo sing dipengeni lan aku yo bakal cepet entuk putu soko anak ku iki. Rusti saiki ndang celuk en peserta nomor 1.

Rusti : yo Raja, peserta nomor 1 saiki ndang mlebu nang ruangan.

Minem : jeneng ku Minem aku soko daerah Kediri, aku ning kene pengen banget dadi bojone Dewa Nyanggalangit.

Ratu Buta : napo awakmu kok pengen dadi bojone Dewa Nyanggalangit,?

Minem : aku iku ket mbiyen ngimpi iso dadi bojone Dewa Nyanggalangit, lan aku yo wis sinau nyanyi dangdut sak ulan. Mugo” aku iso menang.

Raja Buta : yo wis saiki ndang nyanyi,

Minem : suara...

Raja Buta : wis mandek o lek mu nyanyi, suara mu iku biasa ae ora ono apik e,

Rusti : wis saiki ndang metu, peserta nomor 2 ndang mlebu!

Itun : jenengku Itun, aku iku pinter nyayi dangdut, aku iso cengkok e kabeh lagu dangdut.

Rusti : wis gak usah omong ae ndang nyanyi

Page 4: Dewi Nyanggalangit

Itun : suara...

Raja Buta : peh suara ne apik yo le?

Dewa Nyanggalangit : yo pak, suarane iku kayak sing tak pengeni

Rus, iki no wong sing tak omongne iku, wong sing nyanyi ndek ndalan iku.

Rusti : lo mosok wonge iki, delok en neh, wonge lo koyok ngono mosok yo pantes karo wakmu.

Dewa Nyanggalangit : yo, aku ileng iku kok wonge, saiki aku yo jek ngroso enek sesuatu mbek wong kuwi.

Raja Buta : suara mu iku apik eram, aku seneng ngrungokne

Dewa Nyanggalangit : suaramu apik. Tapi aku pengen tekon, awakmu iku tekan ndi asal e?

Itun : aku iki tekan Ponorogo, aku iso ndek kene mergo nggon ku kerjo ngongkon aku ndek Kediri.

Dewa Nyanggalangit : yo wis

Raja Buta : enek opo to le, awakmu kon tekon ngono kuwi?

Dewa Nyanggalangit : wong sing nyanyi kuwi mau sing tak golek i, aku iku ngroso ono sing aneh tekan wong kuwi.

Raja Buta : bapak yo ngroso ngono yoan le.

Dewa Nyanggalangit ; enek opo yo pak, gara” iki aku pengen kenal mbek wong kuwi.

Raja Buta : yo le, bar iki awakmu bakal kenal mbek wong kuwi lek dek e menang, lan awakdewe iso ngerti enek opo wong kuwi karo awakdewe.

Rusti : peserta no 3 ndang mlebu,

Surti : aku pinter nyanyi lan aku yo wis biasa nyanyi ing berbagai daerah. Suara....

Raja Buta : wis mandek o jaremu suaramu apik tapi kok koyok kapal pecah wis ndang metu kono aku ora pengen ndelok wajahmu eneh

Rusti : Raja Buta, kabeh peserta wis tampil. Saiki ndang rundingan sopo sing menang.

Raja buta : le awakmu milih sing ndi, lek aku milih sing nomer 2 kae mau sing suarane apik.

Dewa Nyanggalangit : Rus awakmu milih sing ndi?

Rusti : aku milih sing nomer 2,

Dewa Nyanggalangit : berarti saiki sing menang nomer 2. Wis Rus ndang umumno sopo sing menang lan sesok dewek e kudu moro Ndang kerajaan kanggo nglakoni tes soko aku.

Rusti : yo,

Pengumuman pemenang sayembara kanggo nentokne bojone Dewa Sanggalangit yaiku peserta nomer 2. Kanggo peserta nomer 2 sesuk kudu moro menyang kerajaan Sundulangit kanggo nglakoni tes selanjut e.

Itun : yo.

Kabeh peserta sing ora menang podo nangis kabeh mergo ora sio dadi bojone Dewa Sanggalangit. Sawise iku kabeh peserta podo balik menyang omahe dewe” karo mbengok” lan nangis. Tapi Itun balek karo roso seneng lan ngesakne koncone Minem sing ora iso menang sayembara kuwi.

Itun : nem wis to ojo nangis, aku yo ngerti lek awakmu iku pengen dadi bojone Dewa Nyanggalangit, mungkin awakmu ora jodoh karo Dewa Nyanggalangit.

Page 5: Dewi Nyanggalangit

Minem : ora, awakmu mestine wis ngapusi aku to? Awakmu wis eroh to sopo kuwi Dewa Nyanggalangit lan awakmu yo kenal dek e.

Itun : ora nem, mosok aku yo arep ngapusi koncoku dewe, kan aku wis janji kae karo awakmu.

Minem : aku gak percoyo karo sampeyan, wis saiki ndak metu gak usah moro nang omah ku maneh.

Itun : nem ojo ngono, aku ora tau ngapusi koncoku dewe

Minem : wis gak usah omong ae aku ora pengen krungu suaramu maneh. Ndng metu o saiki.

Itun : nem ojo ngono.

Sesuk isuk e Itun moro menyang kerajaan Sundulangit kanggo nglakoni tes soko Dewa Nyanggalangit. Tekan kono dek e diterne Rusti menyang ruangan e Dewa Sanggalangit.

Rusti : dewa, iki wong e wis teko

Dewa Nyanggalangit : wis ndang mlebu.

Lungguh o ndek kono.

Itun : yo,

Dewa Nyanggalangit : aku ndek kene ngoweh i tes tahap keloro supaya aku bisa mantep rabi mbek awakmu.

Jeneng mu sopo?

Itun : jeneng ku Itun.

Dewa Nyanggalangit : asal mu tekan ndi?

Itun : Aku tekan Ponorogo.

Dewa Nyanggalangit : sopo bapak ibuk mu?

Itun : aku ora tau eroh sopo wong tuwa ku, aku ket cilik urip dewe ndek Ponorogo.

Dewa Nyanggalangit : awakmu ora tekon nggune penduduk kono awakmu iku asline tekan ndi?

Itun : Ora ono sing ngerti yoan,

Raja Buta : oo iki to arek sing menang sayembara kae.

Itun : yo raja.

Ratu Buta : sik bapak, kayak e aku tau eroh wong iki.

Raja Buta : lo buk sampeyan kenal to mbek wong iki?

Ratu Buta : sik to pak, tak tamatne ndisik.

Dewa Nyanggalangit : ibu tau roh wong iki ndek ndi?

Ratu Buta : pak kok kayak e iki anak e awakdewe sing ilang kae to pak?

Raja Buta : mosok to buk?

Dewa Nyanggalangit : mosok buk iki adek ku sing ilang ket cilik kae?

Ratu Buta : buka en tangan mu?

Lo iyo to pak dek e nduwe tanda lahir ndek tangan.

Itun : yo iki tanda lahir ku ket cilik.

Raja Buta : iyo ta buk?

Page 6: Dewi Nyanggalangit

Ratu Buta : iyo pak iki anak e dewe sing ilang kae?

Raja Buta : loh anak ku

Itun : aku duduk anakmu.

Ratu Buta : yo awakmu iku anak ku

Itun : aku ora nduwe wong tuwa, aku iku arek yatim piatu.

Ratu Buta : awakmu anak ku ndok?

Itun : Duduk, aku duduk anakmu, aku arek yatim piatu, aku gak nduwe wong tuwa

Raja Buta : awakmu iku anak ku

Dewa Nyanggalangit : yo to bener, tibakno iku roso iku kanggo nduduhne aku lek kuwi adik ku

Itun : aku duduk anakmu

Sawise eroh lek kuwi wong tuwane, Itun ora percoyo lek kuwi wong tuwane sing sak suwene ora tau nggolek i dek ning ndi. Saiki dek e tetep pengen urip dewe lan ora pengen eruh wong sing ngaku bapak, ibuk lan mas e kuwi. Dek e pengen urip dewe neh kayak mbiyen.

Raja Buta :

Ratu Buta :

Dewa sanggalangit :

Rusti ;

Itun

Minem :

Surti

Narator