dokumen reyog
DESCRIPTION
budayaTRANSCRIPT
CIDROWis sak mestine ati iki nelangsa
Wong sing tak tresnani mblenjani janjiOpo ora el ing naliko semana
Kebak kembang wangi jroning dada
Kepiye maneh iki pancen nasibkuKudu nandang lara kaya mengkene
Remok ati iki yen eling janjineOra ngiro jebulmu lamis wae
Gek opo salah awakku ikiKowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku ikiMlerat banda seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresnoOra ngiro saiki ne cidro
Kepiye maneh iki pancen nasibkuKudu nandang lara kaya mengkene
Remok ati iki yen eling janjineOra ngiro jebulmu lamis wae
Gek opo salah awakku ikiKowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku ikiMlerat banda seje karo uripmu
Aku nelongso mergo kebacut tresnoOra ngiro saiki ne cidro
1
LUNGITING ASMORO
Seprene nggonku ngenteni janjiIki prasetyaning ati
Kadung tresno ning sliramu dhuh cah bagusRa eling dino lan wektu
Neng ati katon ra biso ilangSoyo suwe soyo ra karuan
Snadyan mung tansah anggadhangAku samar yen sliramu ra kelingan
Wong bagus tak anti-antiJo pijer semoyo wae
Aku tresno karo kowe
Tegane atimu soyo gawe loro iku ra prayogo
Aku ora bakal mundurAku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramuUkuraning tresno dudu bondho
Nanging lungiting asmoro
2
TEMBANG KANGEN
Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu
Sumilire angin tansah ndudul kalbu Roso kang tak empet agawe loro dodoku Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi
Liwat tembang kangen, aku titip tresno Opo pancen sliramu, uwis ora kroso Liwat tembang kangen, aku titip sayang Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang
Opo lali opo pancen wis ra ngerti Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni Ngenteni baline endah manise esemmu Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku
3
LAYANG KANGEN
Layangmu tak tompo wingi kuwiWis tak woco opo karepe atimuTrenyuh ati iki moco tulisanmuRa kroso netes eluh ning pipiku
Umpomo tanganku dadi suwiwiIki ugo aku mesti enggal baliNing kepriye maneh mergo kahanankuCah ayu entenono tekaku
Ra maido sopo wong sing ora kangenAdoh bojo pingin turu angel meremRa maido sopo wing sing ora trenyuhRa kepethuk sawetoro pingin weruhPercoyo aku, kuatno atimuCah ayu entenono tekaku
28
KETAMAN ASMORO
Saben wayah lingsir wengiMripat iki ora biso turuTansah kelingan sliramuWong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atikuArep sambat nanging karo sopoNyatane ora kuwowoRasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-laliMalah sansoyo kelinganNganti tekan mbesok kapan nggonkuMendem ora biso turu
Opo iki sing jenengeWong kang lagi ketamanasmoroPrasasat ra biso laliEsuk awan bengi tansah mbedo ati
Bingung rasane atikuArep sambat nanging karo sopoNyatane ora kuwowoRasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-laliMalah sansoyo kelinganNganti tekan mbesok kapan nggonkuMendem ora biso turu
Opo iki sing jenengeWong kang lagi ketamanasmoroPrasasat ra biso laliEsuk awan bengi tansah mbedo atiPrasasat ra biso laliEsuk awan bengi tansah mbeda ati
4
OJO LAMIS
Ojo sok gampang janji wong manis yen to amung lamis Becik aluwung prasojonimas ora agawe cuwo
Tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis koyo ngenteni thukuling jamur ing mongso ketigo
Aku iki prasasat loro tan antuk jampi mbok ojo amung lamis kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo kang demen cidro Uripe rekoso milih sawiji ngendi kang suci tanggung biso mukti
5
TRESNO SUDRO
Aboting wong nandang tresnoTak belani nganti tekan patiTresnaku mung kanggo siroKusumo ayu sing merak ati
Awan bengi ra biso lalitansah eling esem muNganti kapan aku rangertibiso nyanding sliramu
Abote dadi wong sudrotresno tulus ora dipercoyoWong tuwo ngumbar sujonotansah ngiro aku wong durjono..
Pancen dalan sing tak liwati..ngalor ngidul mung dengkul..paribasan turu kelesetanuripku tansah cedhak pancoban..Reff:Cah ayu..cah ayu tak enteni…Lilane wong tuwamu maringke kowe..Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…Ing tembe mburi bakal dadi duwekku
Duh..Gusti… sing tak Puji..Paringono dalan..kanggo tresnaku..Reff = versi cewek diganti :wong bagus wong bagus tak enteni..lilane wong tuaku NERIMO koweeSing sabar…sing sabar yo tresnaku…Ing tembe mburi bakal dadi duwekku
Duh..Gusti… sing tak Puji..Paringono dalan..kanggo tresnaku...
6
SRI HUNING
Sri huning mustiko tubanLabuh tresno lan saboyo patiMarang raden wiratmoyoKang wis prasojo hanambut branti
Sri huning daton ngrahitoKang rinipto kadange pribadiWiratmoyo putra niroRonggolawe adipati tuban
Sri huning putrane abdiWongso pati nalikane uniKapupuk ing madyo logoDuk prang tandhing lawan minakjinggo
Katresnane wiratmoyoTinampi dene roro sri huningSenadyan wekasan niroPrapteng lampus alabuh negoro
7
JAMBU ALAS
Kelingan manis esemetrus kelingan ramah gemuyuneTresno lan kasih, kasih sayangekarep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes nduwe bojonanging aku, aku wes kadung tresnoNelongso rasaneng atiyen aku ra klakon melu nduweni
reff:Jambu alas kulite ijosing digagas wes duwe bojoAda gula ada semutdurung rondho ojo direbut
Sumpah ning batinyen kula tidak dikawinTekade ngatiora bakal luruh gantiSumpah wis janjiarep sehidup sematiseneng lan sedihbareng-bareng dilakoni
Jambu alas ndukmanis rasaneSnajan tilastak enteni rondhone
8
JENANG GULO
Jenang gulo kowe ojo lali Marang aku iki, cah ayu Nalikane nandang susah sopo sing ngancani
Dek semono aku tetep setyo sarto tetep tresno Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwa
Ning sak iki bareng mukti kowe kok njur malah lali, marang aku Sithik sithik mesti nesu Terus ngajak padu .... jo ngono ojo ngono....
Opo kowe pancen ra kelingan jamane dek mbiyen cah ayu Kowe janji bungah susah pada di lakoni
9
TONDO MOTO
Senajanto ora mitro Tondo moto sing tak tompo Sanajan among sepele Ngelingake kabeh lelabete
Koyo rembulan lumaku Kang madangi wanci dalu Koyo tumetese banyu Ngelingake kangene atiku
Kae tondo moto Mertandani ati tresno Nadyan nate nggawe gelo ning nyatane mung katon ning moto
Tak simpen ono kamarku Dadi sulihe sliramu Tak simpen ono atiku liyo wektu bakale ketemu
10
JOKO MLARAT
Wiwit biyen mulo Aku rak wis kondo Aku wong ndeso ora bondo dunyo Joko mlarat wong tuwamu pangkat Aku wong ndeso uripku rekoso
Iki wis wancine kowe di daupke Karo prio bagus sing podo sugihe Ora nyono lan ora nglegewo Yen sliramu tego polokromo
Srengenge ngulon parane Yen bengi rembulan jenenge Esuk tempe jarene, sore dele Tresno tenan mbok anggep sepele
Srengenge ngulon parane Yen bengi rembulan jenenge Esuk tempe jarene, sore dele Tresnamu mung abangabang lambe
11
GELANG KALUNG
Gelang kalung sing tak tompoNgelingake jamane semonoNaliko biyen biyeneTresno aku nganti sak lawase
Opo kuwe ra kelinganJanji pengen urip bebarenganBen dino amung tak rosoOpo pancen sliramu ra kroso
Opo sliramu ra getunMung rekoso urip ono nggunungBungah susah dilakoniYen rejeki ono sing maringi
Gelang kalung dadi saksiMugo sliramu ra bakal nyidraniWiwit ndunyo nganti akhirDuh wong bagus sing tak pikir pikir
12
KEMBANG RAWE
Ceritane wong seneng tunggal sak bale, Wiwitane lungguh jejer sakbendinane.. Soyo suwe saben jejer nyekel tangane, Banjur ngomong mas aku trisno kuwe..
Ceritane wong seneng tunggal sak bale, Wiwitane lungguh jejer sakbendinane.. Soyo suwe saben jejer nyekel tangane, Banjur ngomong mas aku trisno kuwe..
Kembang kenongo atiku digawe loro, Kembang melati agawe larane ati.. Kembang kecubung atiku digawe bingung, Kembange mawar tresnaku wis kadhung buyar..
Mulo wong tresno ora keno nggo sembrono, Ora becik kanggone poro wanito.. Kembange rawe iku paribasane, Tinimbang rame luwih becik tak tinggal wae..
13
Imbangono Katresnanku
Saben dino mung ngalamun Jroning sepi, sepi samun Amung tansah kadulu Wewayanganku duh nimas wong ayu
Linali tan biso lali Soyo angrerujit ati Lelewane cah manis Amung kumantil ing panduking netro
Opo tego siro ni mas cidreng janji Misahke katresnan jati Lamun mangkono piye katresnanmu Piye Katresnanmu
Mongko ni mas katresnanku Bebasane tan biso tinuku Cunduk lan prasetyamu Tak korbanake jiwo lan ragaku
14
PERAHU LAYAR
Yo konco ning nggisik gembiroAlerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layarIng dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis nengahByak byuk byak banyu binelahOra jemu jemu karo mesem ngguyuNgilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil masJebul wis soreWiting kalopo katon ngawe awePrayogane becik balik waeDene sesuk esukTumandang nyambut gawe
15IRENG MANIS
Ireng Manis Yen kelingan lelakon ku cah manis Naliko ing pamulangan Aku duwe konco putri, grapyak Ayu lahir lan bathine
Bareng dolan ning omahku, perlune Mung sinau bebarengan Suwesuwe aku tresno margo Kelingan ireng manise
Nanging cuwo, ora biso urip bebarengan Senajan aku wis sumpah, tetep tresno lahir bathin, eee,eee.
Mung jalaran pepisahan, dipekso omah omah wong tuwane Tresnaku ra biso ilang, margo kelingan ireng manise
16MAWAR BIRU
Tumetesing waspakuOra tego, rasaning atikuNinggalake sliramu priyo idamanku
Tansah katon esemmuNgawe-awe rasaning atikuNgelingake naliko bareng mlaku-mlaku
Ora nyono, ora ngiroYen ngene dadineAku kudu melu, ndherek’ake romo lan ibukuMulih neng ndesaku
Wekasan mung welingkuAku titip, kembang mawar biruOpenono, minongko tondho katresnanku
17
CEWEK GAUL
Ibarat kembang, kowe isih wangi Ibarat tebu, kowe pancen legi.. Akeh tawon, kang podo nyedak’i Nyesep sari, sarine kembang melati..
Budhal isuk, mulihe mesti sore Rambute abang, ditato alise.. Sing nggandhengi, sabendino seje Gonta ganti, pacare ono selawe..
Cewek cewek gaul, yen ngguyu untune gingsul Soyo pantes, yen nganggo erok sak dengkul.. Cewek cewek cewek gaul, ngisor nduwur kabeh gaul Yen lumaku, bokonge menthul menthul..
Sopo wonge, sing ora clegukan Nyawang bokong, bodine koyo dandang.. Tumpak’ane, sepeda motor lanang Cewek gaul, ayune sak kecamatan..
18
CAPING GUNUNG
Dhek jaman berjuangNjur kelingan anak lanangMbiyen tak openiNing saiki ono ngendi
Jarene wis menangKeturutan sing digadhangMbiyen ninggal janjiNing saiki opo lali
Neng nggunungTak cadhongi sego jagungYen mendhungTak silihi caping nggunung
Sukur biso nyawangNggunung deso dadi rejoBene ora ilangNggone podho loro lopo
19
NGIMPI
Sripat sripit,lembehane mrak kesimpirGandhes luwes, wiragane anglamlami..Sedhet singset, besus angadi busonoDhasar ayu, taksih kenyo tan kuciwoDak caketi, aduh mesem sepet madu
Ora sronto, ndak gandheng malah gumuyuKaton bungah,kenyo kang pindho hapsari
Kuciwane, kabeh mau amung ngimpi
Sedhet singset, besus angadi busonoDhasar ayu, taksih kenyo tan kuciwoDak caketi, aduh mesem sepet madu
Ora sronto, ndak gandheng malah gumuyuKaton bungah,kenyo kang pindho hapsari
Kuciwane, kabeh mau amung ngimpi
20DADI ATI
Nggoleki sing koyo ngopo,Wong nyatane kalakon sepreneAngger-angger gendro,Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo,Mung atine dadi tetalineGuyub rukun kadyo,Pepindhane mimi lan mituno
Wus jamak lumrahe,Yen wong urip coba lan godhane gedheSupradene, Ora nganti ndadak dadi gawe
Rino wengi dadi ati,Wong prasojo luhur bebudhineSabar tur gemati,Momong putro alus bebudhine
21
LUNTUR
Yen luntura wenterane
Ora kaya yen luntur tresnane
Tekan-tekane atine
Kaya-kaya mung sak sire dhewe
Ora sembada mbiyene
Saben dina mung tansah methukne
Saben kepethuk tembunge
Angrerepa dadiya duweke
Ora maido kala mangsa mung sok gawe gela
Ewa semana nganti bisa anglunturke tresna
Ditambakna mrana-mrene
Tiwas-tiwas ndedawa larane
Nanging tamba sejatine
Ora liya mung awake dhewe
22
Langit Mendung Kutho Ngawi
Dalan iki biyen nate tak liwatiNalikane langit mendung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit njroning atiSaben liwat aku orah biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uniOrah kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagutKatrisnanku rinengut porbaning pesti
Dalan iki biyen nate tak liwatiNalikane langit mendung kutho ngawi
Sendang glagah wis ginurit njroning atiSaben liwat aku orah biso lali
Tak ulati isih koyo wingi uniOrah kroso luh tumetes mbrebes mili
Roso nglangut yen katon pan tanpo pagutKatrisnanku rinengut porbaning pesti
23
Tresno Waranggono
Nelongso roso rasane tangis njroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Larasworo gending tresno gawe kangene atiku
Tansah eleng aku ro sliramu
Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu
Ning wes pastine aku duk jodohmu
Pancen roso kari Roso
Kudu lilo nggonmu nrimo
Lilakno aku nyanding prio lio
Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno
Mugo biso urep tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris
Taklakoni Kanti ikhlas ati
Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni
Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono
24
Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno
Mugo biso orep tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris
Taklakoni Kanti ikhlas ati
Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni
Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono
SRAMPAT
Tansah lewung atiku kayungyun Sragammu? soyo nambahi wangun Dasar ayu lencir kuning Ora mokal atiku dadi koming
Mesemo, sethitik aku wis trimo Ngono tak nggo tombo, o o o o o o Kangenku rino wengi, Ora mokal tan atiku biso lali
Bintang kecil, dilangit yang tinggi Amat banyak, menghias angkasa Aku ingin, terbang dan menari Jauh tinggi, ketempat jauh berada
Aku nduwe, kenangan sing lucu Prau cilik, tak kelek ebanyu Mbesuk gede, dadi tukang prau
25
KUSUMANING ATI
Kusumaning ati Duh wong bagus kang tak antianti
Mung tekamu biso gawe Tentrem ning atiku
Biyen nate janji Tak ugemi ora bakal lali njur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi
Kadung koyo ngene Sak iki piye karepe Malah mirangake Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine Pancen mangkelake
Amung pamujiku Mugomugo rak ono rubedho
Sak pungkure Nggonmu lungo Ora kondokondo
26
BLITAR
Blitar kutha cilik sing kawentar Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata Majapahit eneng candhi Penataran Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula Ora mokal Blitar dadi kembang lambe Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate Yen ta banyu nukulake patriote
27
DAFTAR ISICidro……………………………………………………………………….. 1
Lumiting Asmoro………………………………………………………. 2
Tembang Kangen……………………………………………………… 3
Ketaman Asmoro………………………………………………………. 4
Ojo Lamis………………………………………………………………….. 5
Tresno Sudro…………………………………………………………….. 6
Srihuning………………………………………………………………….. 7
Jambu Alas………………………………………………………………. 8
Jenang Gulo……………………………………………………………. 9
Tondo Moto……………………………………………………………. 10
Joko Mlarat……………………………………………………………. 11
Gelang kalung……………………………………………………….. 12
Kembang Rawe…………………………………………………….. 13
Imbangono Katresnanku……………………………………….. 14
Perahu Layar…………………………………………………………. 15
Ireng Manis……………………………………………………………. 16
Mawar Biru……………………………………………………………. 17
Cewek Gaul………………………………………………………….. 18
Caping Gunung……………………………………………………… 19
Ngimpi……………………………………………………………………. 20
Dadi Ati…………………………………………………………………. 21
Luntur…………………………………………………………………… 22
Langit Mendung Kutho Ngawi………………………………. 23
Tresno Waranggono…………………………………………….. 24
Srampat……………………………………………………………….. 25
Kusumaningati…………………………………………………….. 26
Blitar……………………………………………………………………. 27
Layang Kangen…………………………………………………….. 28
Klinci Ucul……………………………………………………………. 29
KLINCI UCUL
Ngubengi kutho.., Sakteruse, neng ndeso ndeso.. Mergo aku anggolek’i, Sing tak tresnani, kelinciku ucul..
Lungo mangetan, Suroboyo, terus nyang bali.. Mangulon lungo nyang bandung ora ketemu.. Terus aku nyang jakarta..
Jebul ora ketemu., Aduh klinciku, ojo mbedo aku.. Terus bali nyang semarang, Klinciku uwus ono kandang..
La jebulane.., Grusa grusu, keburu nafsu.. Wekasane montangmanting, ragate akeh Aku dewe kang kebanting..
Jebul ora ketemu., Aduh klinciku, ojo mbedo aku.. Terus bali nyang semarang, Klinciku uwus ono kandang..
29