Download - Atur Purwakala
ATUR PURWAKALA
Puja puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah kanthi berkah lan katresnanipun kula
saget ngrampungaken tugas praktek Basa Jawi punika. Tulisan punika ngemut kumpulan
conto sesorah.
Mugi kanti tulisan punika, kita saged mangertos sesorah lan kados pundi sesorah ing
pawiwahan .Saenggo saged nambahi wawasan kito sedanten babagan tradisi jawi khususipun
sesorah. Ugi saged kangge nglestarekaken tradisi jawi punika.
Wonten ing tulisan kula sapunika, kula nyariosaken babagan :
1. Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh
2. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan
3. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana
4. Atur Pambagyo Harjo Layatan
5. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten
6. Atur Pambagyo Harjo Syukuran
Mugi-mugi tulisan punika saged nambahi pengetahuan utawi kawruh. Bener punika
saking Allah, ananging menawi lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun dumatheng sedaya ingkang sampun mbiyantu kangge ndadosaken tulisan
punika. Kritik lan saran mugi saged nyempurnakaken tulisan punika.
Matur nuwun.
Penulis,
Krisna Hanjar P
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 1
DAFTAR ISI
Atur Purwakala...............................................................................1
Daftar Isi.........................................................................................2
Pambuka..........................................................................................3
a. Latar belakang masalah.........................................................3
b. Identifikasi masalah...............................................................3
c. Rumusan masalah .................................................................3
Wosing Pirembagan .......................................................................4
a. Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh..............................4
b. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan...5
c. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana..............7
d. Atur Pambagyo Harjo Layatan............................................9
e. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten.....................12
f. Atur Pambagyo Harjo Syukuran.........................................13
Panutup...........................................................................................14
b. Pamrayogi................................................................................14
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 2
PAMBUKA
A. Latar Belakang Masalah
Ing samadyaning masyarakat Jawi mesti boten saged ngalangi sing jenenge sesorah,
punapa maneh menawi kita dados tuladhaning masyarakat utawa pemimpin. Kita wajib
saged sesorah.
Ing tulisan punika kula inggih ngadahi ujian Praktek. Nanging ing tulisan punika
momot conto-contonipun pidato, saengga sapa kemawon ingkang ngadahi kewajiban
pidato saged sinau conto-conto pidato punika.
B. Identifikasi Masalah
1. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh?
2. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan?
3. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana?
4. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Layatan?
5. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten?
6. Kados pundi contonipun Atur Pambagyo Harjo Syukuran?
C. Rumusan Masalah
1. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Adicoro Aqiqoh
2. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan
3. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana
4. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Layatan
5. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten
6. Ngandharaken contonipun Atur Pambagyo Harjo Syukuran
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 3
WOSING PIREMBAGAN
1. Atur Pambagyo Harjo Adicara Aqiqoh
Assalamualaikum Wr Wb.
Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi,
para kadang duta saraya saking calon saha badhe/ calon kadang besan minangka
cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu
bagya mulya.
Para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya. Mangga kita sami
ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Pangeran ingkang sampun paring
rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, karana agung barokah saha
rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya saengga kanthi
kanikmatan menika kita saget makempal wonten bale wisma ing (siang) punika.
Kejawi saking menika Bapak Darsono sekaliyan ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami, dhumateng panjenengan sedaya, dhumateng
para tangga tepalih, para sanak sedherek menapa dene pawong mitra ingkang
sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, ingkang sampun
adamel entheng sesanggemanipun Bapak Darsono sekaliyan ingkang ing titi
kalenggahan menika nembe nampi kanugrahaning Gusti arupi momongan.
Para rawuh para pilenggah ingkang kinurmatan, keparenga atur uninga
bilih awit saking welas asihing Gusti Ingkang Maha Agung saha berkah pandonga
panjenengan sedaya Bapak Darsono sekaliyan nampi nugrahaning Gusti arupi
momongan ingkang mijil kakung rikala dinten Selasa Pahing, tanggal 12 Februari
2011 wonten ing dalemipun kanthi manggih wilujeng tanpa alangan setunggal
menapa. Dene putra ingkang angka kalih menika dening Bapak Darsono
sekaliyan dipun paring name Muhammad Ridwanulloh.
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 4
Ewa semanten, Bapak Darsono sekaliyan tasih badhe ngresahi malih
dhumateng panjenengan sedaya, nuwun inggih nyuwun ugunging tumrap
tambahing donga puja lan puji pangastuti, mugi-mugi putra ingkang nembe lair
menika tansah pinaringan nugrahaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, saged
murakabi dhumateng tiyang sepuhipun, saged mikul dhuwur mendhem jero,
satemah migunani dhateng bebrayan, minggahipun dhateng nusa, bangsa lan
agami, allahumma amin.
Wassallammualaikum.Wr.Wb
2. Atur Pambagyo Harjo Wilujeng Ing Pawiwahan Supitan
Assalamualaikum Wr Wb.
Nuwun, para pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu saha
sadherek-sadherek kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Kula keparenga sumela afar ngempil kamardhikan panjenengan sekaliyan,
kalanipun saweg sakeco mawan pangandika.
Kula minangka tetalaning tanggap wacana kalilanana kula matur ing ngarsanipun
para rawuh kakung miwah putri.
Baking keparengipun Bapak Darsono sarimbit, kula tinanggenah
nglairaken raos pangraos ingkang mijil Baking telenging wardaya.
Saking Bapak Darsono sarimbit, langkung rumiyin ngaturaken puji syukur
Alhamdulillah dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene saged
anjenengi pawiwahan supitan(sunatan) putranipun ingkang angka kalih nama
pun Muhammad Ridwan.
Kaping kalihipun Bapak Darsono sekaliyan ngaturaken pambagya sugeng
rawuh dhumateng para tamu kakung sumawana putrid. Bapak Darsono
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 5
sekaliyan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene
panjenengan sami sampun kersa nglonggaraken wekdal saha panggalih saged
sowan ing pahargyan punika kanthi lega-legawaning manah. Lintunipun menika
Bapak Darsono sarimbit ngaturaken panuwun, dene panjenengan sam ugi kersa
paring berkah pangestu dhumateng putranipun ingkang sampun dipun khitan.
Kaping tiganipun mboten kesupen ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindahan katur dhumateng para sanak sadherek kadang kadeyan,
pamong mitra saha tangga tepalih tuwi para muda-mudi ingkang sampun kanthi
lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa
kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel.
Kaping sekawan Bapak sarimbit nyuwun berkah pangestu dhumateng
putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun, sageda dados putra ingkang
diwasa remaja ngertos tanggel jawab, bekti marang sesepuh lan murakapi
dhateng bebrayan, saha migunani dhateng negari, bangsa lan agaminipun.
Cekap semanten atur kawula, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap
wacana pambagya harja punika taksih kathah cicir crewet kuciwaning atur, saha
kirang mrenani penggalih panjenengan sami, kula nyuwun agunging samodra
pangaksami.
Wassallammualaikum.Wr.Wb.
3. Atur Pambagyo Harjo Pasrah Panampining Srana
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 6
Assalamualaikum Wr Wb.
Ingkang kinurmatan pinisepuh lan sesepuh, ingkang tansah dados pandam
pandoming kawula dasih, ingkang kinurmatan bapak ustad, para alim ulama
ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka
panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, ingkang boten
supen tansah paring winarah babagan kautaman kaliyan pangertosan babagan
leluhuring budi.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya
karana kula piniji panjenenganipun Bapak Darsono sekaliyan, kinen ngaturaken
pambagyo harjo, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing
kalenggahan punika.
Pinangka purwaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken
ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung,
karira sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan
sedaya dalasan kula., saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal
manaunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madayanign pepanggihan
punika Bapak Darsono sekaliya lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh
awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung
para kadang dta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa
pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lelenggahan
kanthi mardu mardikaning penggalih.
Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas
wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan
sedaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan
punika. Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bapak Darsono sekaliyan garwa
sampun nggumolongaken pirembagan kaliyan panjenenganipun Bapak Darsono
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 7
sekaliyan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya
ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bapak
Darsono sekaliyan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bagus Ridwan
panjenenganipun Bapak Sujoko sekaliyan anggadhahi siwi putri taruni kanthi
sesilih Rara Sri Ningsih manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh
handhaupaken satataning adat. Inggih awit saking samudayanipun sampung
manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe
kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran
saha walimahan.
Mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami
ginayuh, panyuwunipun Bapak Darsono sekaliyan mugi wontena jumurunging
pamuji hatuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bapak Sujoko sekaliyan
badhe nampi pasrahaipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing
salwiring reh.
Hambok bilih Bapak sekaliyan suma-rambah para kaluwangsa anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh
labet henglenggana budi dayaning manungsa kirang smpurna awit saking punika
Bapak Darsono sekaliyan namung tansah tumadhah lubering pangaksama.
Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bapak Darsono sekaliyan
lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mrenani dhiri
saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa
tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sedaya.
Wassallammualaikum.Wr.Wb.
4. Atur Pambagyo Harjo Layatan
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 8
Assalamualaikum Wr Wb.
Kawilujengan, katentreman mugi tansah kasalira miwah kajiwa
dhumateng jasad panjenengan sedaya dalasan kula awit saking kersaning Gusti
Ingkang Maha Kuwaos. Amin.
Para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman, para alim ulama ingkang rinten dalu tansah
sumandhing dhumateng kitab wahyuning Illahi, para satriyaning praja,
pangemban pangembating praja minangka pandam pandoming para kawula
dasih, para pambela sungkawa miwah panglipur ingkang pantes sinudarsana.
Madyaning dhuhkita ing wekdal punika kula piniji dening kulawarga
Bapak/Ibu Ramlan sumarambah putra wayah ingkang sami nandhang, minangka
sulih salira ngaturaken lekas ing sedya babaring karsa ingkang kawedharaken
ing akathah inggih awit kawontenan miwah raos bebeging manah
panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan karana pinunggel jatining katresnan pisah
salami-lamininpun ingkang punika mboten kumiwa matur wonten ngarsa
panjenengan sadaya amung kandheg wonten salebeting kalbu.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang taksih pinaringan
rohmating Gusti, minangka purwakaning atur kula, sumangga panjenengan
sedaya kula dherekaken sesarengan tansah ngluhuraken asmaning Gusti Allah
Ingkang Maha Kuwaos, awit ing kalenggahan punika panjenengan sedaya dalasan
kula taksih pinarengaken kempal manunggal saged ndherek bela sungkawa
sedanipun Bapak Rolan kanthi manggih kawilujengan.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinubeng pakurmatan,
panjenenganipun Bapak/Ibu Ramlan sumawana para kulawarga panandhang
lumantar kula hangambali matur sugeng rawuh miwah panuwun ingkang tanpa
pepindhan, menggah karawuhan panjenengan sedaya tandha yekti nedahaken
raos sih katresnan ingkang mboten saged ginambaraken ing mriki.
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 9
Wigatosing gati ing madyaning dhuhkita wekdal punika, perlu kula
aturaken nadyan panjenengan sedaya sampun pikantuk kintaka layu-layu miwah
warta ingkang binandhunging karna, parandene wekdal punika kula aturaken
wonten ngarsa panjenengan sedaya.
Suruping dinten Rabu Pon magut dinten Jum’at Pahing wanci tabuh jam
04.00 WIB Bapak Rolan sampun murut dhumateng kasidan jati saha katimbalan
wonten pangayunaning Gusti kanthi tentrem jalaran nandhang gerah kados
punapa anggenipun mbudi daya para kulawarga ngantos kaliwat saking bebasan
ateken janggut suku jaja anggenipun ngupadi usada murih Bapak Rolan saged
pinaringan waluya jati, jati temahan waluya, parandene sedaya wiradat mboten
kuwawi ngungkuli panguwaosinga kodrat.
Innalillahi wainna illahi roji’un. Amung panyuwunipun para kulawarga
panandhang mugi wontena suka Waning penggalih para pambela sungkawa
kakung putri tansah paring donga puja hastawa mugi rohipun suwargi Bapak
Rolan tansah lepas parane, jembar kubure, dipun apunten sedaya dosanipun
katampia wonten ngarsaning Gusti pinaringan papan ingkang sak mesthinipun,
wondene para kulawarga ingkang tinilar enggala pinaringan katentreman, iman
ingkang teguh saengga saged pulih nindakaken jejibahan ingkang kapanggul
sowang-sowang.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang kinurmatan, keparengipun
para panandhang, suwargi Bapak Rolan nyuwun pamit wonten ngarsa
panjenengan sak lami-laminipun, hambok bilih duk rikala Bapak Rolan taksih
sugengipun wonten pepetangan ingkang dereng karampungan kaliyan
panjenengan, mugi karampungna kaliyan kulawarga ingkang tinilar, saha mbok
bilih duk rikala sugengipun suargi Bapak Rolan hanggadhahi kalepatan
dhumateng panjenengan sedaya, mugi para pambela sungkawa tansah
hangandhapa pangaksama ingkang agung.
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 10
Amung mbok menawi panjenengan sedaya hanggadhahi lepat kaliyan
suwargi Bapak Rolan mugi pinaringan pangapunten saking Gusti Allah.
Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinandhing rohmating
Gusti, keparengipun para kulawarga, layon suwargi Bapak Rolan badhe kapethak
miwah kasarekaken ing astana laya Makam Sungkur sru panyuwunipun para
panandhang, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon ngantos dumugi ing
astana laya Makam Sungkur wondene wonten pakaryan ingkang wigati,
kulawarga panandhang namung saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken
sugeng kondur, mboten kekilapan kulawarga panandhang tansah ngaturaken
agunging panuwun, awit sih kadarman panjengan sedaya langkung-langkung
para warga RT Sungkur Kelurahan Bareng ingkang sampun kepareng
hanyengkuyung ingkang dados karepotanipun kulawarga panandhang mboten
saged mangsulaken karana lahir amung kasumangaaken wonten ngarsanipun
Gusti Allah mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan.
Pepuntoning atur saking kulawarga ingkang sami nandhang dhuhkita
lumantar kula, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya
kirang trep kaliyan handhap inggiling kalenggahan labet mboten
kajarag/kasengaja, para panandhang amung tumadhah lubering pangaksama
ingkang agung, kula pribadhi minangka sulih salira, menawi wonten atur ingkang
mrenani dhiri, labet kiranging seserepan ugi nyuwun agunging samudra
pangaksami.
Wassallammualaikum.Wr.Wb.
5. Atur Pambagyo Harjo Pawiwahan Temanten
Assalamualaikum Wr Wb.
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 11
Mugi karahayon, kaslametan, saha kanugrahaning Gusti tansah lumintu
dhumateng kita sami. Bapak Ibu tamu undangan ingkang kula kurmati sumangga
kula dherekaken ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Kuwaos inggih kanthi rahmat lan hidayahipun kita sedaya saged
pepanggihan wonten ing adicara hajatan temanten siang menika kanthi slamet.
Para sesepuh, pinisepuh, saha para pepundhen ingkang satuhu luhuring
budhi. Bapak ibu tamu undangan ingkang kinurmatan, kula nyuwun
pangapunten kapeksa pideksa wonten ngarsanipun panjenengan sedaya mboten
sanes ingkang dados pamundhutanipun Bapak Darsono.
Saklajengipun kula kepareng matur atur pambagyo harjo sugeng rawuh
jenandika lan Bapak Darsono sakaluwarga ngaturaken panuwun dhumateng
panjenengan sami saha nyuwunaken pandonga supados temanten kakung
kaliyan putri Mas Bagus Joko kaliyan Mbak Ayu Sri Ningsih saged mujudaken
kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warahmah, saha migunani kangge
kulawarga, masyarakat, bangsa kaliyan negara.
Saklajengipun dipunsekecakaken palenggahan ngantos paripurnaning
adicara hajatan temanten siang menika.
Menggah mekaten atur kula. Hambok bilih wonten atur kula ingkang
mboten mrenani penggalih panjenengan sedaya kula nyuwun agunging samudra
pangaksami.
Wassallammualaikum.Wr.Wb.
6. Atur Pambagyo Harjo Syukuran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 12
Para sesepuh, para pinisepuh, para pepunden, Bapak – bapak, Ibu – ibu
ingkang kawula bekteni, para tamu undangan kakung sumawana putri, mudha –
mudhi ingkang tuhu kinurmatan.
Nuwun wiyosipun kula kepareng matur minangka wakil saking Bapak
Bima Soeharto sakaluarga, sumangga kita sedaya tansah ngaturaken puja lan puji
syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten
rahmat lan hidayah sahingga kita sedaya saged ngrawuhi syukuran awit sampun
jangkep anggenipun ngangsu kawruh (kuliah) putra saking Bapak Darsono
inggih menika Mas Bagus Muhammad Ridwan saking Fakultas Ilmu Komunikasi
Gadjah Mada wonten ing wewengkon Ngayogyakarta Hadiningrat.
Tadah duka saha nyuwun pangapunten ingkang ageng, dene kawula
cumantaka matur nggempil kawibawan panjenengan sami karana kawula mundi
pangandikanipun Bapak Darsono sakaluarga awit saking gambiraning penggalih
lan bombongipun manah, amargi Mas Bagus Muhammand Ridwan sampun lulus
sarjana. Mila mboten nama mokal menawi mboten kuwawa matur piyambak
wonten ngarsa panjenengan sedaya naming kandheg wonten jangga mboten
saged kawedhar ing lathi.
Salajengipun Bapak Darsono sakaluarga nyuwun donga pangestu, mugi-
mugi Mas Bagus Muhammad Ridwan anggenipun wisudha ngantos nglampahi
pedamelan saged gangsar lan wilujeng nir ing sambikala. Awit saking sedaya
panyengkuyung Bapak-bapak, Ibu-ibu lan sederek sedaya, Bapak Darsono
sakaluarga ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun. Kejawi
saking menika Bapak Darsono sakaluarga ngaturaken pangapunten awit saking
kirangipun papan lan pasugatan ing sedayanipun.
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mbok bilih sedaya atur
kawula kirang damel suka renaning penggalih kawula minangka titah biwasa
nyuwun samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
PANUTUP
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 13
a. Pamrayogi
Sedaya tulisan punika mboten sampurna, ku nyuwun agenging pangapura awit
mboten sampurnaning tulisan punika. Menawi wonten kritik lan saran kula trima.
Maturnuwun, Gusti berkahi kula lan kaliyan sadaya. Amin
| Tugas Ujian Praktek (sesorah) 14