pambagyo harjo

4
PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTEN Assalamu'alaikum wr.wb Kula nuwun, Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan. Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih linimputan ing karaharjan. Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos. Salajengipun mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun. 1. Kula nuwun, Pambage wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging katarimah dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi utawi hangestreni Ijab kalajengaken panggihing penganten, Rr.......... kadhup angger Bg.......... ,sampun kalampahan wilujeng sepen ing sambekala. Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya widada jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang sami bebesanan,kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun. Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma. 2. Kula nuwun, Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun. Nanging panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung kasumanggakakening Pangeran Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring budinipun para lila-legawa ing penggalih.

Upload: afnan-mukhtar-syauqi

Post on 25-Nov-2015

115 views

Category:

Documents


5 download

DESCRIPTION

contoh pambagyo harjp

TRANSCRIPT

PAMBAGYA HARJA WILUJENG MANTEN

Assalamu'alaikum wr.wbKula nuwun,Para pinisepuh,para bapak,ibu,saha kadang sumitra sinedhahan.Karahayon peparingipun Pangeran,satemah panjenengan kula sadaya saged pinanggih linimputan ing karaharjan.Wajib tinanggapan hing sembah syukur trusing batos.Salajengipun mangga,tansah nyenyuwun ing Gusti mrih nugraha peparing kang Maha Agung punika,lumastariya dados pepayung ing sapanginggil ing sadayanipun.1. Kula nuwun,Pambage wilujeng kula,kahaturna utawi dhumatenga para sinedhahan,sarta agunging katarimah dene panjenengan sadaya sampun kersamerlokaken hanjenengi utawi hangestreni Ijab kalajengaken panggihing penganten, Rr.......... kadhup angger Bg.......... ,sampun kalampahan wilujeng sepen ing sambekala.Ingkang punika kula suwunaken tambahing pangestu utawi panjurung pepuji mugi lestariya widada jejodhohanipun penganten,runtut salajengipun atut temah tutug terah tumerah ingkang sami bebesanan,kanthi tetangsul turun tan hamastani jalu wanita punapa dene cacahipun.Ing pangesthi momongan ing benjing,mugi mboten handadosaken ribeting balewisma.2. Kula nuwun,Tumrap saliring tandha tresna ingkang sampun katampi,ngaturaken sanget agunging panuwun.Nanging panalangsaning manah,bilih anggenipun males-sih amung kasumanggakakening Pangeran Ingkang Maha Wicaksana,hangganjara wilasa ingkang langkung ing sabobot katimbang luhuring budinipun para lila-legawa ing penggalih.Wasana tumrap kirang jangkeping suba-sitanipun ingkang hatur-hatur kersa-a halapang jaja,kanthi ngluberaken samodra gung pangaksama.Kajawi ugi kasuwun keparenga hanglajengaken lelenggahan sarwi sesanti-sesanti RAHAYU WILUJENG WINANTU ING SUKARENA.Nuwun,Wassalamu'alaikum wr.wb.=================================================================

PAMBAGYA HARJA

Kawilujengan,katentreman sih wilasa lan nugrahaning Gusti Kang Maha Kawasa,mugi tansah kapatedhakna dhumateng kula sadaya ing pahargyan.Kula nuwun,Assalamu'alaikum wr.wb.

Saderengipun katuraken esthining sedya,keparengna kula ndherekaken saha ndherek para tamu sadaya,mboten kendhat-kendhat munjukaken puja-puji syukur ing ngarsaning Gusti Ingkang Murbeng Jagad.Awit peparing rakhmat,wujud pinten-pinten raos nikmat,ing antawisipun ing wanci punika panjenengan kula sadaya ginanjar bagas waras kiyat.

Para tamu kakung-putri ingkang sinuba ing pakurmatan.Kula hingkang kasarayo Bpo.......... kalilanana kula matur,1. Ngaturaken pambagya wilujeng saha matur sanget nuwun,awit kepareng panjenengan sampun kersa rawuh ing papan pahargyan punika,mituruti-minangkani panyuwunipun Bpo.......... , Milo mboten mokal rumaos suka gembiraning manah bebasan kajugrugna wukir sari kaeroban seganten madu,bombong kabegan ing kabagyan panggalihipun.2. Matur nuwun sanget sedaya peparingipun tali asih tanda tresna ingkang awujud punapa kemawon,sampun katampi kanthi bingah katarimah ing manah,mugi dadosa ngamal kasaenan panjenengan lan angsala ganjaran ingkang murwat saking Gusti Ing Murbeng Jagad.3. Ugi matur nuwun katur para tangga tepalih,sanak kadang,mitra sutresna ingkang paring pambiyantu,panyengkuyung arupi bahu-suku,panggalihan,eguh pratikel.rerigen lan sanes-sanesipun mrih rancak,lancar,regeng kaleksananing pahargyan punika.

Para tamu ingkang winengku suka basuki.Kaperluan ing dinten punika kados sampun kaserat ing serat sedhahan, Bpo.......... kagungan kersa hangemah-emahaken putra pawestrinipun ingkang anama Rr.......... kadhaup Bg.......... putranipun Bpo/Ibu.......... ing.......... .Kaleksanan IJAB,panggih lan tatacara adat kejawen sanes-sanesipun awit rahating Gusti ALLAH Ingkang Maha Agung wimbuh kasembuh pudyastutinipun para tamu kakung-putri,ginanjar wilujeng tanpa pambeng,rahayu tanpa reridu,yuwana nir ing sabekala.Salajengipun nyuwun tambahing pangestu para tamu,mugi-mugi pengenten kekalih tansah rukun,runtung-runtung rerentengan suka bagya mulya,tansah runtut atut,wohing atut pinaringan patutan putra ingkang hanung-hanindhita. (tegesipun putra hingkang sae lahir batosipun,nyenengaken tiyang sepuhipun,migunani bebrayan nusa-bangsa lan agaminipun).

Para tamu kakung-putri ingkang winantu ing suka rena.Niyating manah lan panjangkah,tansah mbudidaya panampi kula,mugi para tamu karenan ing driya.Ewadene kok inggih wonten kemawon kekiranganipun,wiwit atur sedhahan ingkang mboten trep asma-sesebatan,kalenggahan lan sanes-sanesipun,boja lan suba-sitanipun.Ingkang punika kula nyuwun gunging pangapunten.Ing wasana kula piyambak kiranging tatakrami,nalisiring kasusilan ingkang jalari kirang renaning panggalih,kasuwun halapang jaja hangluberaken agunging samodra pangaksama.Nuwun,Wassalamu'alaikum wr.wb.ditulis oleh : WahYou Eka Solo