sesorah (2)

9
SESORAH/PIDHATO

Upload: nadiv-sky

Post on 09-Aug-2015

201 views

Category:

Education


12 download

TRANSCRIPT

Page 1: Sesorah (2)

SESORAH/PIDHATO

Page 2: Sesorah (2)

SESORAH/PIDHATO :

Salah sawijining ketrampilan lesan kanggo medharake isine pikiran, perasaan, gagasan kang disampekake marang wong liya.

Page 3: Sesorah (2)

MACEM-MACEM PIDHATO

1. Pidhato pembukaan : ringkes disampekake pembawa acara utama

2. Pidhato pengarahan : ngarahake sajrone kegiyatan

3. Pidhato sambutan : disampekake ing sawijine acara tartamtu

4. Pidhato peresmian : dilakokake wong kang duwe pangaribawa kanggo ngresmekake

5. Pidhato laporan : nglaporake tugas utawa kegiyatan

6. Pidhato pertanggungjawaban : laporan pertanggungjawaban

Page 4: Sesorah (2)

DENE TUJUWAN TANGGAP WACANA/PIDHATO/SESORAH UPAMANE :

Kanggo aweh ular-ular (nasehat)Kanggo menehi pangertenKanggo aweh panglipurKanggo daya pangaribawa marang wong sing ngrungokakeKanggo pangajak marang kabecikan

Page 5: Sesorah (2)

BAB-BAB SING KUDU DIGATEKAKE NALIKA NINDAKAKE PIDHATO Ngadeg jejeg kanthi patayan pribadi

(percaya dhiri) Ulate nyenengake ora mbesengut Swarane sing cetha ora kebanteren ora

kelirihen. Obahe awak sing prasaja (ora digawe-

gawe) Lagune swara kepenak dirungokake (ora

monoton) Bisa njumbuhake kahanan lan swasana.

Page 6: Sesorah (2)

METODE PIDHATO ANA PAPAT :

Metode impromptu (serta-merta)Metode ngapalakeMetode naskahPidhato ekstemporan (tanpa naskah)

Page 7: Sesorah (2)

BAB-BAB KANG PERLU DIGATEKAKE ING SAJRONE GAWE CAKEPAN PIDHATO Salam pambuka Pambuka Isi Dudutan (kesimpulan) Panutup

Page 8: Sesorah (2)

TULADHA PIDHATO

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Bapak sarta ibu ingkang tansah kula bekteni.

Kanca rewang ingkang tuhu kinurmatan lan tuhu kula tresnani.

Sumangga kita sareng mamuji lan atur syukur dhumateng ngarsanipun Gusti kang Akarya jagad, dene punapa kula lan panjenengan sami tansah pinaringan karaharjan ginanjar kasarasan. Kagem Bapak sarta Ibu Guru, ing siyang kalenggahan punika keparenga kula nyuwun pangestu badhae atur sesulih dhateng para kanca rewang ing ngriki.

Para mitra kabeh kang daktresnani, ing tembok kelas kita ana slogan Mensana Incorpore Sano sing tegese ing sajrone awak akang sehat tuwuh jiwa kang kuwat. Iki sehat umume ing sajrone jiwa kita uga luwih gampang kanggo mikir samubarang. Ananging yen badan kita ora sehat mula ora bakal kita bisa mikir kanthi becik .

Kanggo nuwuhake sehate badan, mula kita kudu tansah mbudidaya kepriye amrih kebutuhan awak kecukupan. Kaya dene mangan kang cukup ngadhut gizi, olah raga kang cukup, uga ngaso kang cukup supaya kabeh mau ora njalari badan kita gampang kena penyakit..

Dene kanggo nyukupi kaperluwane jiwa (rohani) supaya tetep sehat, uga butuh panganan kang arupa ngaso cukup.

Kanthi ngono imbang antarane jasmani lan rohani. Badan sehat rohanie uga sehat. Saengga slogan kang kita pasang, cundhuk karo kahanan kang sabenere.

Wasana mangkono kang bisa dakaturake ana tumpang suh utawa kurang luwih anggonku matur nyuwun gunging samudra pangaksami.

Nuwun

Page 9: Sesorah (2)

TUGASMUA. Pidhato kang dilakokake sapa

marang sapa yen tujuwane kaya ing ngisor iki, wenehana tuladha loro saben nomer !

1. Aweh ular-ular(nasehat) 2. Menehi pangerten 3. Aweh panglipur 4. Aweh daya pangaribawaB. Gawea pidhato pertanggung

jawaban nganggo basa ngoko kegiyatan OSIS kang wis koklakokake, isine lengkap!