assalamughjfg

2
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh Nuwun, Lumintuning pudyastawa saking Gusti ingkang Maha Asih ,ambaran daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasih.Kacihna ing salebeting kalenggahan punika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan ,kantentreman,kabagyan,sarta kabagaswaran. Langkung rumiyin sumangga kula nderekaken sami menengku puja,puji syukur kunjuk dhumateng ingkang Amurba Amasesa,mugya salwiring gati purwa,madya,saha wasana saged kasebadan lulus raharjan kalis ing sambikala. Shalawat dalah salam ugi boten kasupen,mugya tetep kaluberaken dhumateng ngarsa dalem Mustikaning Jagad kekasihing Allah,inggih Nabi Agung Muhammad panuntuning umat.Namung dhumateng panjenenganipun kit a sedaya angantu-antu syafaat pitulunganipun wiwit ing donyangantos mbenjang ing dinten kiamat. Nuwun,para pepundhen,para pinisepuh,para sesepuh ingkang agung mestuti dhumateng pepoyaning kautama ingkang kinurmatan. Para pangembating praja,para satriyaning nagari,pangayomaning para kawula dasih ingkang sinubeng pakurmatan. Para trahing sutresna budaya adiluhung ingkang agung mamardi mardawaning budaya luhur,sumrambah para kadang mitra pitepangan ingkang pantes tampi pakurmatan.Dalah sagung para undangan kakung sumawana putri ingkang binagyamulya. Nuwun keparengipun,awit saking mudhi dhawuhipun ingkang amengku karsa.Ibu Karin,S.Pd.saha Bapak Drs.Joko miwah gotrah kulawarga.Keparenga kula marak ngabyantara ing ngarsa panjenengan sedaya seperlu anglantaraken menggah lampahing pahargyan dhauping pinanganten ing arti palenggahan punika. Ibu Karin,S.Pd.saha Bapak Drs.Joko ing kalodhangan punika netepi darmaning asepuh,miwah suta,mahargya siwi,inggih andhaupaken putra putri pambayunipun ingkang sesilih Dyah,S.Pd kaliyan jaka tumaruna Bagus,S.E.putra Bapak Suharto,S.Pd,saking Kauman Sumoroto.Wondene ijab kabulipun sampun kalampahan kalawau enjing tabuh 9 wonten KUA Kec.Siman. Sugeng rawuh,sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan.Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu

Upload: ariez-van-louphez

Post on 29-Dec-2015

62 views

Category:

Documents


13 download

DESCRIPTION

ddtsrtrtrg hgntrhg tgye

TRANSCRIPT

Page 1: Assalamughjfg

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh Nuwun,

Lumintuning pudyastawa saking Gusti ingkang Maha Asih ,ambaran daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng para kawula dasih.Kacihna ing salebeting kalenggahan punika panjenengan kula pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan ,kantentreman,kabagyan,sarta kabagaswaran.

Langkung rumiyin sumangga kula nderekaken sami menengku puja,puji syukur kunjuk dhumateng ingkang Amurba Amasesa,mugya salwiring gati purwa,madya,saha wasana saged kasebadan lulus raharjan kalis ing sambikala.

Shalawat dalah salam ugi boten kasupen,mugya tetep kaluberaken dhumateng ngarsa dalem Mustikaning Jagad kekasihing Allah,inggih Nabi Agung Muhammad panuntuning umat.Namung dhumateng panjenenganipun kit a sedaya angantu-antu syafaat pitulunganipun wiwit ing donyangantos mbenjang ing dinten kiamat.

Nuwun,para pepundhen,para pinisepuh,para sesepuh ingkang agung mestuti dhumateng pepoyaning kautama ingkang kinurmatan.

Para pangembating praja,para satriyaning nagari,pangayomaning para kawula dasih ingkang sinubeng pakurmatan.

Para trahing sutresna budaya adiluhung ingkang agung mamardi mardawaning budaya luhur,sumrambah para kadang mitra pitepangan ingkang pantes tampi pakurmatan.Dalah sagung para undangan kakung sumawana putri ingkang binagyamulya.

Nuwun keparengipun,awit saking mudhi dhawuhipun ingkang amengku karsa.Ibu Karin,S.Pd.saha Bapak Drs.Joko miwah gotrah kulawarga.Keparenga kula marak ngabyantara ing ngarsa panjenengan sedaya seperlu anglantaraken menggah lampahing pahargyan dhauping pinanganten ing arti palenggahan punika.

Ibu Karin,S.Pd.saha Bapak Drs.Joko ing kalodhangan punika netepi darmaning asepuh,miwah suta,mahargya siwi,inggih andhaupaken putra putri pambayunipun ingkang sesilih Dyah,S.Pd kaliyan jaka tumaruna Bagus,S.E.putra Bapak Suharto,S.Pd,saking Kauman Sumoroto.Wondene ijab kabulipun sampun kalampahan kalawau enjing tabuh 9 wonten KUA Kec.Siman. Sugeng rawuh,sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan.Para rawuh kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka basuki.Keparenga kula angaturaken rantaman urutaning adicara ing pahargyan pawiwahan samangke punika:

1.Pambuka2.Waosan ayat suci

alqur’an 3.Atur pasrah temanten kakung 4.Atur panampen saha pangayubagya 5.Kirap kasatriyan

6.Palereman7.Khutbah walimah

8.Donga9.Panutup

Para rawuh,makaten menggah rancangan pepintaning adicara pahargyan pawiwahan dhaupipun risang temanten Dyah,S.Pd kaliyan Bagus lukmanul Hakim,S.E,ing arikalenggahan punika. Sumangga,kaparenga sami ngenut lampahing pahargyan pawiwahan punika kanti sakeca saha mardika.

Page 2: Assalamughjfg

Billahittaufik wal hidayah;wassalamu ‘alaikum warahmatullahi wabarakatuh.