babad_tanah_jawa

Upload: yoni-ahmad

Post on 30-May-2018

241 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    1/8

    SEKELUMIT KISAH KITAB BABAD TANAH DJAWA.......

    (KALAU BELUM BISA BAHASA JAWA KAWI MOHON MA'AF)

    Translation to Bahasa will available soon.....

    Ing tahoen 1222 ana ratoe ing Toemapel oetawa Singasari, djeneng Ken Angrok.

    Critan Ken Angrok iki saka layang Pararaton. Ketemoen layang iki ana ing Bali k tahoen 1891. Ken Angrok lair ana ing satje ak Toemapel (Singasari), asal wong tani loemrah ba. Ken Angrok katjarita bagoes roepan lan bisa nenarik katresnaning wong, nanging banget kareme marang pangadji

    adji lan wani marang penggaw loepoet. Ing sawidjining dina ana Brahmana ketemoe karo dhwkn,kandha yn dhwkn titising Wisnoe. Anggon kandha mangkono ikoe, awit Brahmana maoe ngerti

    yn Ken Angrok ikoe wong kang gedh karepe lan kenceng boedin. Brahmana bandjoer golk dalanbisan Ken Angrok kacedhak karo adipati ing kono, Sang Toenggoel Ametoeng. Ora antara soew

    kelakon Ken Angrok kaabdkak. Bareng wis mangkono, Ken Angrok bandjoer tansah golk dalan

    kapriy enggon bisa ngendhih Sang Adipati, nggentni djoemeneng. Ketemoening nalar Ken Angrokbandjoer ndandakak keris becik marang Empoe Gandring. Sawis keris dadi, katon becik temenan,

    nganti mitran Ken Angrok aran Keboidjo kepncoet kepngin nganggo, bandjoer nemboeng nyilih:

    oleh. Saka seneng, keris maoe saben dina dianggo sarta dipamr pamrak, dikandhakak doewkdhw. Bareng wis sawatara dina Ken Angrok bandjoer nyolong keris dhw kang lagi disilih ing

    mitran maoe dianggo nyidra Sang Adipati. Kelakon sda, keris ditinggal ing sandhing layon.

    OEroesaning prakara: mitran Ken Angrok sing kena ing dakwa, dipoetoes oekoem pati. Ken Angrokbandjoer bisa oleh Sang poetri randaning Toenggoel Ametoeng lan goemanti madeg adipati: Sang

    Poetri asman Ken Dhedhes.

    Sasoewn dicekel Ken Angrok negaran tata, redja, wong cilik banget soengkem. Sawis mbedhah

    karadjan cilik cilik ing Jenggala, Ken Angrok bandjoer emoh kebawah Kedhiri, malah ing tahoen 1222mbedhah pradja Kedhiri nganti kelakon menang, Ratoe ing Kedhiri Praboe Kertadjaya sda

    nggantoeng sabalan kang padha toehoe. Kedhiri bandjoer ditandoeri adipati kabawah Singasari.

    Bareng para ratoe darah Empoe Sindhok wis kalah kabh karo Ken Angrok, Ken Angrok bandjoerdjoemeneng Ratoe gedh, djedjoeloek Praboe Redjasa, yaikoe kang noeroenak para ratoe ing

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    2/8

    Madjapait.

    Katjarita Sang Retna Dhedhes nalika sdan adipati Toenggoel Ametoeng wis ambobot. Bareng wis

    tekan mangsan, Sang Retna mbabar poetra kakoeng, diparingi peparab Radn Anoesapati. Wiwit

    timoer nganti diwasa Sang Pangran ora ngerti yn satemen doedoe poetran Praboe Redjasa, nangingroemangsa yn ora ditresnani ing Sang Praboe, bda banget karo rayi rayin. Ing sawidjining dina

    Anoesapati kelair marang iboen mangkn: "Iboe, poenapa, dn Kangdjeng rama poenika teka boten

    remen dhateng koela?" Sang Retna banget trenyoehing galih mireng atoer sasambat kang poetra,wasana bandjoer keprodjol pangandikan; kang poetra dicritani lelakon wiwitan tekan wekasan.

    Anoesapati banget ing pangoengoen, sanalika bandjoer doew sedya males oekoem, nanging isih

    sinamoen ing semoe. Keris yasan Empoe Gandring disoewoen, pawatan moeng kepingin bangetanganggo. Kang iboe lamba ing galih, keris diparingak.

    Anoesapati bandjoer nimbali abdin kekasih, diparingi keris maoe lan diweroehak ing wewadin.

    Bengin Sang Praboe sda kapradjaya ing doeratmaka. Layon Sang Praboe dicandhi ana ing

    Kagenengan (cedhak Malang). Anoesapati nggentni djoemeneng Nata. Anoesapati djoemeneng orasoew, awit Radn Tohdjaya ngerti yn Anoesapati kang nydani raman, moelan soemedya males

    oekoem lan iya kelakon. Tohdjaya djoemeneng Nata, nanging iya ora soew. Tohdjaya oetoesan

    mantrin aran Lemboe Ampal, didhawoehi nyirnakak kalilip loro, yaikoe: Ranggawoeni, poetranAnoesapati, lan nakdoeloere kang aran Narasingamoerti; yn ora bisa kelakon, Lemboe Ampal dhw

    bakal kena oekoem pati.

    Doemadakan ana sawidjining Brahmana kang welas marang radn loro, bandjoer wewarah saperloen.Satriya loro bandjoer ndhelik ana ing panggonan Pandji Patipati. Lemboe Ampal nggolki radn loro

    ora ketemoe, bandjoer ora wani moelih, ngoengsi marang Pandji Patipati. Bareng ana ing kono mbalik

    ngiloni radn loro, malah ngremboegi para poenggawa kang ora cocog karo Tohdjaya diadjak ngraman,wasana kelakon, Sang Praboe nganti nemahi sda.

    Ranggawoeni djoemeneng Nata adjedjoeloek Syri Wisynoewardhana nganti nakdhrk Narasinga.

    Nganti tekan ing sda priyagoeng loro maoe roekoen banget, nganti dibasakak: "Kaya Wisynoe lan

    kang raka Bathara Endra". Karaton moendhak gedh poelih kaya dhk djaman Praboe Erlangga,malah djadjahan woewoeh Madoera. Sang Nata sda ing tahoen 1268, layon diobong kaya adat,

    awoen sing separo dicandhi ana ing Welri, ditoempangi reca Syiwah, sing separo dipethak ana candhi

    Jago (Toempang) nganggo reca Boedha. Dadi tetla ing wektoe ikoe agama Syiwah karo Boedhacampoer.

    05 Prangan Kang Kapisan Bab 5 Joemeneng Kartanagara ing Toemapel (1268 - 1292)

    Ratoe Singasari kang Kaping V, djoemeneng mekasi. Sasdan Syri Wisynoewardhana pangran patidjoemeneng Nata, adjedjoeloek Praboe Kartanagara. Sang Praboe manggalih marang kawroeh

    kagoenan, lan kasoesastran, lan iya manggalih marang oendhaking djadjahan, nanging koerang ngatos

    atos, lan kersa ngoendjoek nganti dadi woeroe. Ana nayakaning pradja aran Banyak Widhe oetama

    Arya Wiraradja, tepoeng becik lan Jayakatwang, adipati ing Daha. Satriya ikoe ora soengkem marangratoen, malah wis sekoethon karo Jayakatwang, arep mballa. Doemadakan ana poenggawa kang

    matoer prakara ikoe, nanging Sang Praboe ora menggalih, Wiraradja malah diangkat dadi adipati ana

    ing Madoera.Pepatihe Sang Nata aran Raganatha roemeksa banget marang ratoen, nganti sok wani ngatoeri pnget

    marang Sang Praboe ing bab kang ora bener, nanging Sang Praboe ora rena ing galih, ora nimbangi

    roemeksaning patih setya ikoe, malah bandjoer milih patih liya kang bisa ngladni karsan. Patihwredha dioendoer, winisoeda dadi: nayaka pradata, dadi wis ora campoer karo prakara pangrh pradja.

    Patih anyar seneng moeng ngalem marang ratoen lan ngladosi oendjoek oendjoekan.

    Ana oetoesan saka ratoe agoeng ing nagara Tjina (Choebilai) dhawoeh soepaya Praboe Kartanagaranyalirani dhw oetawa wakilsoewana marang nagara Tjina perloe caos bekti (tahoen 1289). Sang

    Praboe doeka banget. Bathoeking Tjina oetoesan digambari pasemon kang ora apik, nelakak doekan

    Sang Praboe. Bareng tekan ing nagara Tjina patrape ratoe Jawa kang mangkono ikoe maoe ndjalari

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    3/8

    doekan ratoe binathara ing Tjina, Ing tahoen1292 ana pradjoerit gedh saka ing Tjina arep ngoekoem

    ing koewann wong Jawa. Wiraradja sasoewn ana ing Madoera isih ngroengok ngroengokak apa

    kang kalakon ana ing Singasari, lan iya weroeh oega yn ing wektoe ikoe pradjoerit Singasari

    diloeroegak menyang Soematra. Wiraradja ngadjani Jayakatwang akon nanggoeh mbedhah Singasari,moempoeng nagara lagi kesisan bala. Jayakatwang ngleksanani, lan Singasari kelakon bedhah. Ratoe

    lan patih katoengkep ing moengsoeh isih teroes oendjoek oendjoekan ba (woeroe), moelan ora

    rekasa pinoerih sdan.Radn Widjaya, wayah Narasinga, noeli oemangsah ngetog kaprawiran mbelani nagara lan ratoen,

    nanging wis kaslepek karoban wong Daha, moelan bandjoer kepeksa ngoncati, moeng kari nggawa

    bala 12, genti genti nggndhong Sang Poetri garwan Radn Widjaya, poetran Praboe Kartanagara.Lampah Radn Widjaya sasentanan noesoep angayam alas. Kaleboe wilangan 12 ikoe ana satriyan

    loro, poetran Wiraradja, doew atoer marang Goestin soepaya ngoengsi menyang Madoera. Sang

    Pangran maoen ora karsa, nanging soew soew noeroeti. Ana ing Madoera ditampani kalawan

    becik. Remboeg Wiraradja, Radn Widjaya diatoeri soewita menyang Daha. Wiraradja sing arepnglantarak. Yn wis kelakon soewita Radn Widjaya diatoeri nyetitkak para poenggawa ing Daha,

    sapa sing kendel oetawa djirih, toehoe oetawa lamis. Yn wis antara soew diatoeri nyoewoen tanah

    tanah Trik, dibabada bandjoer dienggonana. Radn Widjaya noeroet ing pitoedhoeh, lan iya kelakonsoewita ing Daha. Katjarita pasoewitan kanggep banget, amarga saka pinter noedjoe karsa, lan saka

    pinter olah gegaman; wong sa Daha ora ana sing bisa ngalahak. Kabh piwoelang Wiraradja

    ditindakak, dilalah Sang Praboe teka dhangan ba, malah bareng tanah Trik wis dibabad, RadnWidjaya nyoewoen manggon ing kono iya dililani. Katjarita nalika babade tanah Trik maoe, ana wong

    kang methik woh madja dipangan, nanging rasan pait. Awit saka ikoe dsa ingkono maoe bandjoer

    didjenengak Madjapait. Bareng Radn Widjaya wis manggon ing Madjapait, roemangsa wis wayahtata tata males oekoem, ngroesak kraton Daha, ananging Wiraradja akon sabar dhisik, awit isih

    ngenteni pradjoerit saka nagara Tjina kang arep ngoekoem wong Singasari. Karepe Wiraradja arep

    ngrwangi Tjina ba dhisik, besoek arep mbalik moengsoeh Tjina. Wiraradja bandjoer boyong

    sakoelawargan lan sapradjoerite menyang Madjapait ngoempoel dadi sidji karo Radn Widjaja.06 Prangan Kang Kapisan Bab 6 Karadjan Melajoe

    Ing Bab 5 ana critan Praboe Kartanagara enggon andjangka oen aking djadjahan. Ana ing tanah Soematra kelakon bisa oleh djadjahan. Ing ngisor iki tjrita sathithik toemraping karadjan karadjan ingtanah Melayoe. Katjarita ratoe ing Foenan, kira kira ing sadjroning abad 3 ngelar djadjahan, ngeloen

    tanah Soematra, Djawa lan lija-lijan, ajak ratoe ikoe kang yasa reca reca ing tanah Pasmah. Ing abad

    kapitoe ana golonganing para pangran saka ing Indhoe Boeri, padha manggon ing sakiwa tengeningPalembang, bandjoer ngedegak nagara gedh, djeneng karadjan rividjaya (= Syriwidjaya, sineboet

    ing bangsa Tjina nagara: Sambotsai). Ratoe ratoen padha darah Warman, isih doemoenoeng sanak

    karo darah Poernawarman ing Tanah Jawa dhk abad 4 - 5, apadn darah Moelawarman ing Koetai lan

    Borno dhk watara tahoen 400. Nagara rividjaya djadjahan kira kira Soematra sisih kidoel lantengah, Malaka, Kambodja lan malah tekan Tanah Jawa. Ing tahoen 686 ratoe agoeng ing negara

    rividjaya ngloeroegi Tanah Jawa, awit Tanah Jawa ora toehoe pangdhp marang rividjaya.

    Sadjroning abad 10 pradjoerit Jawa genti ngloeroegi rividjaya, menang, nanging ora soew rividjayabisa komboel manh. Pradja ikoe adjeg enggon nglakokak oetoesan marang Narndra ing Tjina. Ing

    sadjroning abad 12 lan 13 nagara gedh rividjaya pecah dadi karadjan cilik cilik. Darah Warman

    djoemeneng ana ing tanah kang sineboet tanah: "Melayoe" yaikoe saikin Jambi. Rhning pasisirtanah Melayoe kono akh reroesoeh, wong akh kang padha ngoengsi marang tanah pagoenoengan

    kang loh, ana ing kono padha dedhoekoeh. Bareng Tanah Jawa gedh pangoewasan, Praboe

    Kartanagara (1268 - 1292) kalakon bisa ngroesak koetha Pasi, lan ngedjegi Jambi, Palembang,Riooew sarta koetha koetha akh ing Borno apadn poelo poelo ing Moloko. Ing saantaraning tahoen

    1275 lan 1293 wong Jawa ngloeroegi tanah pagoenoengan Jambi maoe yaikoe tanah kang besoek aran

    Menangkabaoe. Loeroegan ikoe diarani: Pamalayoe. Ing tahoen 1268 Praboe Kartanagara anggandjar

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    4/8

    reca marang ratoe ing Dharmmaraya (Darmasraya) oega doemoenoeng ing tanah Jambi, ing saikin

    ora adoh karo Soengai Lansat. Karadjan ikoe ing besoek kaleboe djadjahan Madjapait, radjan darah

    Warman djedjoeloek Triboewana (Maoeliwarman) kagoengan garwa bangsa Melayoe, kang poetrin

    (poetran poetri) ayak dai garwan Radn Widjaya biyn. Sang Radja Tribhoewana mloe karo bangsaJawa ngloeroegi tanah Padhang Hoeloe. Mitoeroet tjarita Melayoe, loeroegan maoe ora oleh gaw,

    moeng marga saka kleboe ing gelar, kalah enggon adoe kebo, moelan koethan bandjoer djeneng

    Menangkabaoe ikoe. Ana radja wewengkon karadjan Dharmmaraya djedjoeloek Adityawarmannagaran ing Malayoepoera, kang ing tahoen 1347 woes merdika, ambawa pribadhi, ikoe ngloeroegi

    Menangkabaoe, nanging ora nganti dadi perang, malah bandjoer diangkat dadi radja ing kono, awit

    pancn dianggep bangsa Melayoe. Joemeneng ana ing Menangkabaoe wiwit tahoen 1347 tekan 1375,kecrita ing kawicaksanan lan pinter nyekel pradja.

    Toemeka saprn Sang Adityawarman sarta nayakan loro kang aran Papatih Sabatang lan Kyai

    Katoemanggoengan isih dipoendhi poendhi marang bangsa Menangkabaoe. Sapoengkoer Sang Aditya

    wis ora ana radja ing Menangkabaoe kang kecrita. Negaran pecah pecah, ing saiki isih akh titik,moenggoeh ing kaloehoeraning para radja Jawa asal Indhoe, ana ing tanah Menangkabaoe kono,

    loewih loewih toemraping basa lan sastran. Darah radja radja koena ing Menangkabaoe maoe enteke

    doeroeng lawas, kang poengkas poengkasan poetri, sdan lagi saiki ba.Ing tahoen 1377 koetha Sanbotsai ing tanah Palembang rinoesak ing balan Praboe Ayamwoeroek.

    Kang koewasa ing tanah Palembang kaseboet djeneng Arya Damar noeroenak Radn Patah (+/-

    tahoen 1500). Awit saka ambroeking karaton Madjapait, Palembang iya katoet apes, besoek kalah karoBanten. Kaloehoeraning Tanah Jawa ana ing Soematra sisih kidoel kono toemekan dina iki oega iya

    isih akh tilas tilas.

    Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-Tengenipoen/Bab_6"

    07 Prangan Kang Kapisan Bab 7 Perang Tjina lan Adeg Karadjan Madjapait (1292)

    Ing tengah tengahan tahoen 1292 Maharadja Choebilai sida ngangkatak wadya bala menyang ingTanah Jawa perloe arep ngoekoem Praboe Kartanagara. Ana ing pacekan (Soerabaya) praoe Jawa

    kalah, noeli bala Tjina arep ngloeroegi9 Daha, kang dikira panggonan Kartanagara (kang nalika ikoe

    wis sda). Katjarita Radn Widjaya dhk djaman samono woes wiwit mbalela marang Jayakatwangratoe ing Daha. Sarhn doew pangarep arep bisaa ditoeloengi ing Tjina noempes ratoe ing Daha,

    moelan Radn Widjaja bandjoer gaw gelar ethok ethok arep teloek marang snapati Tjina. Kabeneran

    ora let soew Madjapait, panggonan Radn Widjaya ditempoeh ing wong Daha, Radn Widjayantoek pitoeloengan wong Tjina bisa menang. Wasana ing tahoen 1293 koetha Daha dikepoeng ing

    balan Shih Pih lan Radn Widjaya, Daha bedhah, ratoen kacekel, pni pni radja pni didjarah rayah,

    Radn Widjaya noeloengi poetri poetri, poetran Praboe Kartanagara digawa oncad menyang

    Madjapait. Ora antara soew, marga saka akal Wiraradja, Radn Widjaya bisa ngoesir pradjoerit Tjina.Wondn pradjoerit maoe, senadyan kesoesoe soesoe meksa isih bisa anggawa barang rayahan,

    pengadji mas satengah yoeta tail lan tawanan wong satoes saka Daha. Radn Widjaya bandjoer

    djoemeneng Nata ing Madjapait, djedjoeloek Kertaredjasa Jayawardhana oetawa Brawidjaya I (tahoen1294 - 1309)

    Sawis djoemeneng Nata, Sang Praboe anggegandjar marang sakabhing kawoela kang maoen

    laboeh, marang pandjenengan. Wiraradja dibaghi tanah Loemadjang saoeroet. Poetrin Kartanagarapapat pisan dadi garwan Sang Praboe, lan isi ana garwa paminggir sidji saka tanah Melayoe aran Sri

    Indresywari.

    Saka garwa paminggir iki Sang Praboe kagoengan poetra R. Kaligemet, kang besoek nggentoskaprabon, adjedjoeloek Jayangara, saka Prameswari Sang Praboe pepoetra poetri loro. Ing tahoen

    1295 R. Kalagemet lagi yoeswa sataoen wis diangkat dadi pangran pati lan dadi ratoe ing Kedhiri,

    iboen kang ngembani nyekel pradja Kedhiri. Ing nalika pandjenengan Praboe Kertaredjasa

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    5/8

    Jayawardhana ikoe, Tanah Jawa karo Tjina becik manh, perdagangan gedh, wong Tjina teka ing

    Tanah Jawa nggawa mas, salaka, merdjan, soetra biroe, soetra kembang kembangan, bala pecah lan

    dandanan wesi. Saka ing Tanah Jawa, Tjina koelak: beras, kopi kapri, rami, boembon crakn loewih

    loewih mrica, barang barang mas oetawa salaka, bangsa dandanan koeningan oetawa tembaga,tenoenan kapas lan soetra, welirang, gading, coela warak, kayoe warna warna, manoek djakatoewa lan

    barang nam naman.

    Ing Tanah Jawa ing wektoe ikoe akh palaboehan ram, kayata: Toeban, Sedayoe; Canggoe. Nalikadjaman ratoe iki ing bawah karaton Madjapait kena dibasakak oengsoem kraman. Para satriya kang

    mloe lara lapa dhk djaman Radn Widjaya saiki ora oleh ati, awit Sang Praboe moeng anggega

    atoering nayakan kang aran Mahapati, wasana para satriya maoe bandjoer genti genti padha ngraman,nanging temahan asor djoerite. Ing tahoen 1328 Sang Praboe sda, dicidra ing doekoen kang

    didhawoehi ambedhel saliran. Sasdan Praboe Jayangara kang goemanti sadhrk poetri, kang

    sesilih Bhreng Kaoeripan bandjoer djedjoeloek Jayawisynoewardhani. Sang nata dewi krama oleh

    satriya, kekasih Kartawardhana, misoewoer pinter, sregep lan djedjeg penggalih. Sang Pangrandiangkat dadi panggedhning djaksa lan oleh loenggoeh boemi Singasari sawewengkon. Gadjahmada

    dadi warangkaning ratoe. Karepe Gadjahmada arep noengkoelak satanah Jawa kabh lan poelo poelo

    sakiwatengen. Ora let soew yaikoe tahoen 1334 Soembawa lan Bali bedhah bandjoer kabawahmarang Madjapait, mangka Bali nalika samana wis mbawahak Lombok, Madoera, Blambangan lan

    Slebes sabagyan. Snapatining pradjoerit kang ngelar djadjahan ing sadjabaning Jawa aran Nala. Ing

    tahoen 1334 Sang Radja poetri mbabar miyos kakoeng diparabi Ayam Woeroek, kang bandjoerdidjoemenengak Nata, nanging isih diembani kang iboe nganti tekan tahoen 1350.

    Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-

    Tengenipoen/Bab_7"

    08 Prangan Kang Kapisan

    Bab 8

    Ajam Woeroek, Syri Radjasanagara,Ratoe kang kaping IV ing Madjapait (tahoen 1350 - 1389)

    Awit saking gedhn lelaboehan Patih Gadjahmada, nagara Madjapait saya soew saya misoewoer

    koewasan. Praboe Ayam Woeroek tetep djoemeneng ratoe agoeng binathara ngerh sapepadhaningratoe. Sang Nata krama oleh nakdhrke piyambak kang wewangi Retna Soesoemnadewi. Para

    santanan padha ginadhoehan tanah dhw dhw ing samoerwat. Dn koewadjiban para santana

    oetawa adipati maoe ing mangsa kang woes ditamtokak koedoe ngadhep ing pandjenengan Nata,moelan kabh padha doew dalem becik becik ana ing Madjapait, moewoehi asrining nagara. Ing

    djaman ikoe ana poedjangga kraton aran "Prapanca" (Boedha). Ing tahoen 1365 poedjangga iki

    nganggit layang kang aran Nagarakertagama. Ana manh poedjangga aran Empoe Tantoelar nganggit

    layang Ardjoenawiwaha. Madjapait ing wektoe ikoe emh mbawahak satanah Indhiya Wtan kabh,kayata: Tanah Jawa Wtan lan Tengah, Soematra, wiwit Lampoeng tekan Acih (Perlak), Borno

    (Bandjarmasin), Slebes (Banggawai, Salaiya, Bantaiyan), Flors (Larantoeka), Soembawa (Dompo),

    saparoning Malaka lan sabageyaning Nieoew Goeina.Tanah Soendha ora diteloekak. Kang djoemeneng ratoe ana ing tanah Soendha maoe adjedjoeloek

    Praboe Wangi, poetran poetri dilamar Praboe Ayam Woeroek iya dicaosak, ananging Praboe Wangi

    bandjoer pasoelayan karo Patih Gadjahmada, nganti dadi perang. Praboe Wangi sda ing paprangan lanakh poenggawan kang mati ana paprangan; ewadn tanah Soendha ora dibawah Madjapait, isih

    madeg dhw ing sateroes.

    Ing Jaman samono paro adjar oetawa pandhita (agama Boedha oetawa Syiwah) mloe nindakakpaprentahan nagara, moelan padha diparingi loenggoeh boemi dhw dhw kang diarani boemi:

    Pradikan. Padsan ing sakoebenging candhi oetawa padhpokaning para pandhita loemrah oega dadi

    boemi pradikan, wong diwadjibak djaga lan ngopni candhi padhpokan maoe. Kawoela liyan

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    6/8

    padha kena padjeg prapoeloehan (saprapoeloehing pametoening boemin), lan kena ing pagawyan

    goegoer goenoeng lan sapepadhan. Padjeg radjakaya, padjeg panggaotan lan tambangan ing wektoe

    samono iya wis ana. Pametoning pradja gedh banget, perloe kanggo ragad perang lan kanggo

    kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton, gedhong gedhong, pasanggrahanpasanggrahan lan liya liyan.

    Ing nagara Madjapait wis akh omah kang becik becik, payon sirap, dn omah kang loemrah padha

    apager gedhg, ananging ing djero racak ana pethin watoe kang santosa perloe kanggo nyimpenbarang kang pangadji. Wong wong dhk djaman samono padha doyan nginang, senengan padha

    toekoe bala pecah saka djoeragan Tjina, pambayare nganggo dhoewit sing diarani Kpng. Wong

    lanang padha ngor ramboet, wong wadon geloengan kondh. Wiwit enom wong wong padha nganggogegaman keris, lan gegaman ikoe kerep diempakak. Wong yn mati djisime diobong, yn sing mati

    ikoe bangsa loehoer oetawa wong soegih bodjo bodjon (randha randhan) padha mloe obong. Ora

    adoh saka nagara ana papan kanggo adoe adoe kwan oetawa oewong oetawa kanggo karamyan liya

    liyan. Papan ikoe aran "Boebat" Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan saoeroetiya taoe dirawoehi.

    Prakara perdagangan iya dadi gedh banget, awit saka madjoening lelayaran kagawa saka khing

    nagara nagara kang kabawah ing Madjapait sing kelet letan sagara. Bab kagoenan, kayata: ngoekiroekir sapepadhan, komboele ing Tanah Jawa Wtan dhk poengkasan abad kang kateloelas, lan ing

    wiwitan abad kang pat belas, moeng ba panggawn reca reca kang apik apik ikoe nganggo

    toentoenaning wong Indhoe oetawa noeroen kagoenan Indhoe. Cekaking tjarita: Nalika pandjenenganPraboe Ayam Woeroek ikoe, Madjapait lagi oenggoel oenggoele, samoebarang lagi sarwa ondjo.

    Praboe Ayam Woeroek tilar poetra kakoeng miyos saka selir asma "Bhre Wirabhoemi" djoemeneng

    Nata ana ing bagyan kang wtan. Dn kang nggentni keprabon Madjapait poetra mantoen SangNata, adjedjoeloek Wikramawardhana (tahoen 1389 - 1400). Ing tahoen 1400 Sang Praboe slh

    keprabon, kersan arep mandhita, ananging sapengker Sang nata, poetra lan sentanan padha reboetan

    nggentni keprabon. Praboe Wikramawardhana bandjoer kapeksa koendoer djoemeneng ratoe manh

    nganti tekan tahoen 1428. Sadjroning djoemeneng sing kri iki Sang Praboe neroesak merangisantanan kang woes kabandjoer ngraman nalika Sang Praboe djengkar saka kraton. Rhning perang

    iki nganti soew dadi nganakak kapitoenan akh lan karoesakan gedh, awit teloek teloekan ing tanah

    sabrang bandjoer padha wani mbangkang woes ora gelem kabawah Madjapait. Tataning kawoela iyabandjoer roesak. Prakara patn pinatn wis dadi loemrah. Akh wong main lan adoe djago totohan

    gedhni. Ing tahoen 1428 - 1447 kang djoemeneng nata ratoe poetri djedjoeloek Retna Dewi Soehita,

    poetran Praboe Wikramawardhana saka garwa paminggir. Teroes bandjoer bandjoer PraboeKertawidjaya (1447 - 1452) lan manh Praboe Bhra Hiyang Poerwawisyesa (1456 - 1466), Pandan

    Salas (1446 - 1468), bandjoer Praboe Bhrawidjaya V (1468 - 1478). Moenggoeh babade ratoe ratoe

    kang wekasan iki ora terang, moelan ora diseboetak. Ana ratoe ing nagara Keling (salor wtan

    Kedhiri, sakidoel koelon Soerabaya) djedjoeloek Praboe Ranawidjaya Giridrawardhana ngelardjadjahan neloekak Jenggala, Kedhiri lan oega mbedhah Madjapait (tahoen 1478). Bedhah Madjapait

    ikoe koethan ora diroesak, awit ing tahoen 1521 lan 1541 nagara Madjapait isih kecrita koetha kang

    gedh. Soew soew koetha Madjapait dadi roesak, awit wong wong kang ora seneng kaerh ingkraton liya, padha genti genti ninggal negaran, nglrg marang tanah Bali. Saiki Madjapait moeng kari

    patilasan ba, awoedjoed pager bata tilas moebeng lan tilas gapoera (Candhi Tikoes, Badjang Ratoe).

    Isih sadjroning djaman Madjapait, agama Islam wis mleboe saka sathithik, saya soew saya bisangalahak dayaning agama Indhoe ana ing Jawa Wtan.

    Moenggoeh kaananing tanah Soendha ing wektoe ikoe ora pati kasoemoeroepan. Sawis kradjan

    Taroemanagara dhk abad 4 lan 5, moeng ana kang katjarita kradjan Soendha ing tahoen 1030 nagarankira kira ing Cibadhak. Enggon ora ana wong manca kang mleboe mrono, marga saka khing badjag

    kang padha nganggoe gaw ing saoeroeting pasisir. Ing Priyangan sisih wtan ana kradjan aran

    Galoeh, kang ngadegak ayak ratoe aran Poesaka, ratoe liyan djedjoeloek Wastoekencana lan Praboe

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    7/8

    Wang(g)i. ing tahoen 1433 Sang Ratoe Dewa iya Radja Poerana, ngadegak koetha anyar aran Pakoean

    (Batoetoelis). Karadjan iki aran Padjadjaran. Toelisan kang ana ing watoe kono nerangak manawa

    Sang Praboe yasa segaran. Padjadjaran semoen kradjan rada gedh lan ngerhak Cirebon barang.

    Prangan Kang Kaping Pindho

    Babad Tanah Jawa Wiwit Adeg Karadjan Karadjan

    Islam lan Tekan Bangsa Eoeropa toemekan GempaleKaradjan Mataram lan Ambroek Vereenigde

    Oost indische Compagenie (VOC)

    taoen 1500 - 1799

    09 Prangan Kang Kaping Pindho Bab 1 Karadjan Demak lan Karadjan Padjang +/- tahoen 1500 -

    1582Wiwitan ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antaran tahoen 1400 - 1425. Ing tahoen 1292 ing tanah

    Perlak ing poelo Soematra wis ana wong Islam; ing tahoen 1300 ana wong Islam manggon Samoedra

    Pasi. Ing poengkasan abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam. Tekan padha sakaGoedjarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Tjina, Indhiya Boeri lan

    Indhiya Ngarep. Kang mencarak agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaikoe soedagar Jawa saka

    Toeban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinaoe agama Islam, dadin Islamterkadhang sok kepeksa. Soedagar soedagar djawa maoe padha bali marang Tanah Jawa Wtan,

    soedagar Indhoe lan Prsi oega ana sing teka ing kono lan noeli mencarak agama Islam marang wong

    wong. Sing misoewoer yaikoe: Maoelana Malik Ibrahim (wong Persi?), sda ana ing Gresik ing tahoen1419, nganti saiki pasarean isih.

    Bareng koewasan karaton Madjapait saya soew saya soeda, para boepati ing pasisir roemangsa gedh

    pangoewasan, wani nglakoni sakarep karep. Para boepati maoe loemrah wis padha Islam wiwit

    toemapaking abad kaping 16 (tahoen 1500 - 1525), Jalaran saka ikoe kerep ba perang karo para radjaagama Indhoe kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.

    Mitoeroet tjarita: Sang Praboe Kertawidjaya ing Madjapait ikoe wis taoe krama karo poetri saka ing

    Cempa (tanah Indhiya Boeri). Poetri maoe kapernah iboe alit karo Radn Rahmat oetawa SoenanNgampel (sacedhak Soerabaya). Soenan Ngampel kagoengan poetra kakoeng sidji, asma Soenan

    Bonang, lan poetra poetri sidji, asma Nyai Gedh Malaka. Nyai Gedh Malaka ikoe marasepoeh

    Radn Patah oetawa Panmbahan Jimboen, yaikoe kang sineboet: Soeltan Demak kang kapisan.Soenan Ngampel lan Soenan Bonang ikoe dadi panoenggalan para wali. Para wali maoe kang

    misoewoer: Soenan Giri (sakidoel Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesdjid; Ki Pandan Arang

    (ing Semarang) lan Soenan Kali Jaga (ing Demak). Ing tahoen 1458 ing Demak wis ana mesdjid becik.

    Padha padha boepati ing pasisir pati OEnoes ikoe kang koewasa dhw. Pati OEnoes oega kaseboetPangran Sabrang Lor. Ikoe poetran Radn Patah oetawa Panmbahan Jimboen. Ing tahoen 1511 Pati

    OEnoes mbedhah Jepara, Ing tahoen 1513 ngloeroegi Malaka. Enggon tata tata arep ngloeroeg maoe

    nganti pitoeng tahoen lawas. Lan bisa ngloempoekak praoe kh nganti sangang poeloeh lanpradjoerit 12.000, apadn mriyem pirang pirang. Nanging panmpoeh bangsa Portegis ing Malaka

    nggegirisi, nganti Pati OEnoes kapeksa bali lan ora oleh gaw. Pati OEnoes ing tahoen 1518 oega

    ngalahak Madjapait nanging Madjapait dhk samana pancn wis ora gedh. Koethan ora diroesak,moeng poesaka kraton bandjoer digawa menyang Demak sarta Pati OEnoes ngakoe nggentni ratoe

    Madjapait. Ing tahoen 1521 Pati OEnoes sda isih enm lan ora tinggal poetra. Kang goemanti rayi let

    sidji yaikoe Radn Trenggana, djalaran rayin toemoeli: Pangran Sekar Sda Lpn, wis disdanipoetran radn Trenggana, kang aran Pangran Moekmin. Sadjroning djoemeneng Soeltan Trenggana

    (tahoen 1521 - 1550) karaton Demak koewasa banget, ngoewasani Tanah Jawa Koelon, ngerh koetha

    koetha ing pasisir lor lan oega mbawahak djadjahan Madjapait, sarta karaton Soepit OErang

  • 8/9/2019 babad_tanah_jawa

    8/8

    (Toemapel) oega bandjoer kaprntah ing Demak. Dn Blambangan ikoe bawah Bali. Pelaboehan

    bawah Demak akh sing ram, kayata: Jepara, Toeban, Gresik lan Jaratan. Gresik lan Jaratan ikoe sing

    ram dhw, wong kang manggon ing kono loewih 23.000. Ing tahoen 1546 Soenan Goenoeng Jati

    kalawan Soeltan Trenggana arep mbedhah Pasoeroewan. Koetha Pasoeroewan bandjoer kinepoeng ingwadya bala, nanging doeroeng nganti bedhah, pangepoeng diwoeroengak, djalaran Soeltan

    Trenggana sda cinidra dning sawidjining poenakawan santana, kang mentas didoekani. Poetran

    Soeltan Trenggana akh. Poetra poetrin padha krama oleh priyayi gedh gedh. Ana sing krama olehboepati ing Padjang, kang asma: Adiwidjaya, yaikoe Mas Krbt, Ki Jaka Tingkir oetawa Pandji Mas.

    Poetran Soeltan Trenggana loro: Pangran Moekmin oetawa Soenan Prawata, lan Pangran Timoer,

    kang ing besoek dadi adipati ing Madoera. Soenan Prawata ikoe kang nyedani Pangran Sekar SdaLpn. Ing semoe poetran Pangran Sekar Sda Lpn kang asma Arya Panangsang arep malesak

    sdan kang rama. Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangran Moekmin sagarwan, noeli poetra

    mantoen Soeltan Trenggana, ora oleh gaw, malah Arya Panangsang bareng dipapagak perang, kalah

    nemahi pati. Adiwidjaya bandjoer ngoewasani Tanah Jawa: amboyong poesaka kraton menyangPadjang lan noeli didjoemenengak Soeltan dning Soenan Giri. Nalika Adiwidjaya djoemeneng ratoe

    ana ing Padjang, blambangan lan Panaroekan kabawah ratoe agama Syiwah ing Blambangan, kang

    oega mbawahak Bali lan Soembawa (tahoen 1575). Jadjahan djadjahan ing Padjang kaprntah ingpangran (adipati) yaikoe: Soerabaya, Toeban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Poerbaya (Madiyoen),

    Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyoemas), Krapyak (Kedhoe sisih kidoel koelon, sakoelon bengawan

    Sala. Ana ing tanah Pasoendhan karaton Padjang mh ora doew pangoewasa, djalaran ing tahoen +/-1568 tanah Banten dimerdikakak dning Hasanoedin, dadi tanah kasoeltanan.

    Retrieved from "http://wikisource.org/wiki/Jv/Babad_Tanah_Djawi_lan_Tanah-Tanah_ing_Sakiwa-

    Tengenipoen/Bab_9"