khasiat tanduran kemangi

7
KASIYAT TANDURAN KEMANGI ARTIKEL TOGA BAHASA JAWA TUGAS TERSTRUKTUR Disusun untuk memenuhi tugas Mata Pelajaran Bahasa Jawa Semester Genap Tahun Ajaran 2011/2012 Santi Dwi Cahyani (22) (XI-Akselerasi)

Upload: bagaskara-la

Post on 26-Dec-2015

122 views

Category:

Documents


11 download

DESCRIPTION

KHASIAT TANDURAN KEMANGI bahasa jawa

TRANSCRIPT

Page 1: KHASIAT TANDURAN KEMANGI

KASIYAT TANDURAN KEMANGI ARTIKEL TOGA BAHASA JAWA

TUGAS TERSTRUKTUR

Disusun untuk memenuhi tugas

Mata Pelajaran Bahasa Jawa Semester Genap

Tahun Ajaran 2011/2012

Santi Dwi Cahyani (22)

(XI-Akselerasi)

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1 PURWOREJO

2012

Page 2: KHASIAT TANDURAN KEMANGI

KEMANGI

Jeneng latin : Ocimum basilicum L

Jeneng lokal : Kemangi; Kemangen; Surawung

Jeneng simplesia : Ocimume Folium

Deskripsi tanduran : Tanduran semak sing nduweni wewangen khas lan seger, dhuwure bisa nganti 1,5 meter. Kembange awujud bulir werna putih lan ijo. Isine yen kena banyu dadi nggelembung kaya agar-agar.

Habitat : Wit iki bisa urip ing dataran rendah nganti 1300 meter saka laut.

Bagian tanduran sing digunaake : Godhong

Komposisi kimia : Eugenol; Sineol; Metilkhavikol; Protein; Kalsium

Kasiyat : Diaforetikum

Page 3: KHASIAT TANDURAN KEMANGI

KASIYAT TANDURAN KEMANGI

Kemangi ing basa Madurané kondhang karo jeneng kemangék. Ing dhaérah Mediterania (Italia), sinebut genovese. Kemangi kuwi rasané rada legi, adhem, wangi, lan nyegeraké. Terna cilik sing godhongé biasa dipangan minangka lalap. Aroma godhongé khas, kuwat nanging lembut mawa sentuhan aroma limau. Godhong kemangi arupa sawijining bumbu kanggo pèpès. Minangka lalapan, godhong kemangi biasané dipangan karo godhong kubis, irisan timun, lan sambel kanggo ngancani pithik utawa iwak gorèng. Yèn ing Thailand lan India ,sinebut holy basil utawa tulsi. Ing Thailand kemangi kondhang minangka manglak lan uga asring ditemoni ing menu masakan kana. Kemangi kuwi hibrida antarspesies antarané loro spesies selasih, Ocimum basilicum lan O. americanum. Kemangi uga kondhang minangka O. basilicum var. anisatum Benth. Aroma khasé asalé saka kandhutan sitral sing dhuwur ing godhong lan kembangé. Manéka ilmu buktiaké godhong kemangi bisa ningkataké produksi hormon adrenalin lan noradrenalin, sarta mudhunaké kadar serotonin kang bisa micu stress.

Morfologi

Terna, dhuwuré 60–70 cm.

Gagange alus mawa godhong ing saben ros.

Godhongé werna ijo enom, wangun oval.

3-4 cm dawané, mawa rambut alus ing permukaan bagian ngisor.

Kembangé werna putih, kurang nengsemaké.

Kasusun jroning tandhan.

Yèn dijarké ngembang, tuwuhé godhong luwih sithik lan tanduran luwih cepet tuwa lan mati.

Page 4: KHASIAT TANDURAN KEMANGI

Kandhutan

Kandhutan lan paédah godhong kemangi nduweni daya penenang lan ngetokake gas-

gas saka awak. Godhonge uga asring digunake kanggo bumbu panganan daging

utawa iwak. Kemangi uga ngandhut zat minyak atsiri, protein, kalsium, fosfor, besi,

belerang, lan liya-liyane.

1,8 sineol, (kabèh tetandhuran) kanggo anestesi, biyantu

ngatasi ejakulasi premature, antikejang, ngrangsang aktivitas saraf pusat,

jembaraké pembuluh kapiler (ngrangsang èrèksi), lan nguataké hepar (ati).

Anethol, (kabèh tetandhuran) bisa ngrangsang kekebalan awak lan

ngrangsang ASI.

Apigenin,(kabèh tetandhuran) isa jembaraké pembuluh getih, nyegah

pengentalan getih, nglancaraké sirkulasi, neken saraf pusat, lan biyantu ing

relaksasi otot polos.

Arginine (godhong), agawé kuat sperma, nyegah mandul,

mudhunaké gula darah, ''antihepatitis'', ''diuretik''.

Asam aspartat (godhong), ngrangsang sarap, analeptik.

Boron (kabéh tanduran), ngrangsang metuné hormon androgen lan hormon

estrogen sarta nyegah keroposané balung.

Paédah

Godhong Kemangi kang arum asring digunakaké kanggo masakan, kayata; campuran pepes, karédok utawa lalapan mentah. Kajaba kuwi, kemangi ngandhut akèh senyawa kang duwéni Kasiyat kanggo awak. Senyawa arginin ing sajroningé kabukti bisa gawe kuat sperma, nyegah mandul lan mudhunaké kadar gula darah. Kemangi uga ngandhut zat kang bisa ngrangsang produksi hormon androgen lan estrogen.

Minyak racikan kemangi duwéni fungsi nglawan bakteri ''Staphylococcus aureus'', ''Salmonella enteritidis'', lan ''Escherichia coli'', nangkal infeksi virus ''Basillus subtilis'', ''Salmonella paratyph'', lan ''Proteus vulgaris''.

Lelara sing Bisa Diobati

Kagunaan godhong kemangi kanggo pangobatan, kayata :

1. Jantung

Kemangi uga ana betakaroten lan magnesium, mineral kang wigati kanggo jaga jantung.

2. Panu

Sagenggem godhong kemangi diumbah, tumbuk alus. Wènèhi sithik banyu kapur sirih. Gosokaké ramuan kuwi ing kulit kang ana panu. Lakoni kanthi 2x sedina.

3. Diare lan Muntah

Godhong kemangi sacukupé dipangan minangka lalapan.

Page 5: KHASIAT TANDURAN KEMANGI

4. Sariawan

50 godhong kemangi dikumbah resik, kunyah kanthi alus sasuwéné 2 - 3 menit. Telen. Ombéni banyu anget. Lakoni kanthi 3x sedina.

5. Ambu Napas, Ambu Cangkem

Asring dipangan lalapan godhong kemanginé, godhong kuniré, lan godhong beluntas.

6. Ambu Kringet

Kemangi sacukupé dipangan minangka lalapan santap malam sasuwéné 1 minggu.

7. Nyegah Mandul

Godhong kemangi ngandhut senyawa arginine kang kabukti bisa nguataké masa uripe sperma, nyegah mandul lan mudhunaké gula darah. Kemangi uga ngandhut zat kang bisa ngrangsang kabentuké hormon androgen lan estrogen.

8. Ngobati kutil

Kanthi cara godhong kemangi dikumbah resik banjur diusapaké/digosokaké ing kutil kanthi bola-bali lan teratur. Dadiné kemangi kuwi sanadjan kanggo bumbu dapur pelengkapé sambel, uga duwéni paédah kanggo obat alami.

9. Ngilangake stress

Kanggo ngredakaké stres, bisa nganggo 1-2 cangkir teh godhong kemangi. Carané: 10-15 godhong kemangi direndhem ing banyu umup kanthi kurang luwih 5 menit, saring, banjur disajikaké.

10. Nganggo perawatan

Kemangi bisa disuling lan dijupuk minyak atsiriné kanggo campuran obat utawa kanggo bahan perawatan awak, kayata :

Sabun mandi.

Biang parfum.

Pelembab.

Minyak aroma terapi.

Yèn dicampur karo lulur, kemangi bisa ngrangsang peredaran darah ing awak saéngga kulit luwih alus lan berkilau, sarta ngatasi masalah jerawat lan rontoké rambut.

Nanging panganggonané kemangi minangka minyak pijet apiké ora diaplikasikaké marang wong wédhok kang lagi meteng.

Pepènget

Minangka bagian saka kulawarga selasih, kemangi bisa ngandhut estragol, senyawa sing dikawruhi minangka karsinogen (pamicu kanker) ing mencit. Sanadyan pangujèn èfèk ing manungsa durung dilakoni, nanging panggunaan sing kakèhen diprayogakaké dièndhani.